DONGENG SAJRONING RUBRIK CRITA TAMAN PUTRA JAYA BAYA TAUN 2012 LAN PASINAONE SASTRA

Authors

  • MEYRA HARTANTIKA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

ABSTRAK

Dongeng sajroning rubrik Crita Taman Putra (CTP) ing   Jaya Baya taun 2012 iki nduweni piguna tumrap pasinaon lan pangrembakan kajiwane bocah. Dongeng nduweni jinis sing maneka warna sarta karakteristik sing beda kalawan reriptan sastra liyane. Unsur-unsur sing kinandhut sajroning dongeng ngemu nilai-nilai kautaman, saengga dongeng laras digunakake minangka wacan lan bahan pasinaon mligine tumrap bocah. Panliten iki bakal ngonceki bab sing gegayutan karo dongeng nggunakake tintingan struktural dinamik sing kajangkepi hermeneutik sarta pasinaon sastra. Undering panliten iki yaiku: (1) apa wae jinis-jinise dongeng sajrone rubrik CTP   Jaya Baya taun 2012? (2) kepriye karakteristik dongeng sajrone rubrik CTP Jaya Baya taun 2012? (3) nilai apa wae kang kinandhut sajroning dongeng ing rubrik CTP Jaya Baya taun 2012? (4) kepriye pangetrape dongeng sajroning rubrik CTP Jaya Baya taun 2012 minangka bahan pasinaon sastra? Ancasing panliten iki yaiku: (1) nemokake jinise dongeng sajrone rubrik CTP Jaya Baya taun 2012, (2) nemokake karakteristik dongeng sajrone rubrik CTP Jaya Baya taun 2012, (3) nemokake nilai apa wae kang kinandhut sajroning dongeng ing rubrik CTP Jaya Baya taun 2012, lan (4) nemokake trep lan orane dongeng sajroning rubrik CTP Jaya Baya taun 2012 minangka bahan pasinaon sastra.

 Metode sing digunakake sajrone panliten yaiku metode deskriptif kualitatif. Sumber data arupa dongeng ing rubrik CTP Jaya Baya taun 2012. Data panliten iki awujud tembung, frasa utawa ukara kang gegayutan karo objek panliten. Instrumen panliten yaiku panliti dhewe. Tata cara pangumpulaning data yaiku kanthi metodhe kapustakan. Tata cara ngolah data yaiku nggunakake metodhe analisis isi kanthi tintingan struktural dinamik lan hermeneutik.

Asil panliten iki diperang dadi papat. Kapisan, jinising dongeng sajroning rubrik CTP Jaya Baya taun 2012 ana papat, yaiku yaiku dongeng sato kewan, legendha, dongeng  lelucon lan dongeng biasa. Kapindho, karakteristik dongeng rubrik CTP Jaya Baya taun 2012 ana papat, yaiku 1) Tema dongeng umume gegayutan karo masalah bebrayan. Amanat dongeng akeh-akehe yaiku memulang tumindak becik marang pamaca. 2) Sakabehe dongeng nduweni alur lurus utawa maju.  3) Paraga sajroning dongeng umume kewan lan manungsa. 4) Latar carita sajroning dongeng diandharake kanthi prasaja, lan gegambaran ngenani latar diwatesi dadi panggonan lan wektu. Katelu, nilai-nilai kautaman sajroning dongeng rubrik CTP Jaya Baya taun 2012 diwedharake lumantar pesen moral sing kagolongake dadi 3, yaiku: 1) piwulang kautaman sing gegayutan karo Pangeran, 2) piwulang kautaman sing gagayutan karo uriping bebrayan lan jagad gumelar, lan 3) piwulang kautaman sing gegayutan karo diri pribadi. Kaping papat, yaiku dongeng bisa digunakake minangka bahan pasinaon sastra, mligine kanggo siswa SMP lumantar standar kompetensi maca, micara, ngrungokake, apadene nulis, adhedhasar kurikulum tingkat satuan pendidikan.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-06-27

How to Cite

HARTANTIKA, M. (2013). DONGENG SAJRONING RUBRIK CRITA TAMAN PUTRA JAYA BAYA TAUN 2012 LAN PASINAONE SASTRA. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 94 , PDF Downloads: 107