PENGEMBANGAN MEDHIA FILM DHOKUMENTER KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS GEGURITAN SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 MODO, KABUPATEN LAMONGAN TAHUN AJARAN 2019/2020

  • SITI SUMA ZAROH
  • UDJANG PAIRIN

Abstract

Abstrak

Pasinaon nulis geguritan mujudake ayahan sing banget wigati tumprape siswa SMP. Mula, siswa uga kudu digladi bisa nulis guritan kang sejatine nulis guritan kuwi tatarane luwih dhuwur tinimbang nulis gancaran.Sajrone nulis guritan, asring di prangguli siswa nduwe inspirasi utawa gagasa, nanging para siswa durung bisa utawa kangelan kanggo ngolah tembung-tembung lan ukara-ukara kasebut. Mula saka iku, panaliti bakal ngembangake medhia film dhokumenter kanggo ngrampungake bab prakara kasebut.

Panliten pangembangan kanthi metodhe Sugiyon underan panliten yaiku (1)Kepriye prosess pangembangan medhia film Dhokumenter kanggo ngundhakake kawasisan nulis geguritan siswa kelas VII SMP Negeri 1 Modo, Kecamatan Modo, Kabupaten Lamongan?, (2) Kepriye efektifitaspangembangan medhia film Dhokumenter kanggo ngundhakake kawasisan nulis geguritan siswa kelas VII SMP Negeri 1 Modo, Kecamatan Modo, Kabupaten Lamongan?, (3) Kepriye respone siswa kelas VII SMP Negeri 1 Modo, Kecamatan Modo migunakake medhia film dokumenter?. Tujuane Panliten yaiku Ngandharake proses pangembangan medhia film dhokumenter. Ngandharake pangembangan medhia film dhokumenter, Ngandharake respone siswa. Paedah panliten dideleng saka pigunane kanggo Siswa, kanggo Guru, kanggo Sekolah, kanggo Panaliti. Konsep kang digunakake yaiku konsep ktrampilan nulis geguritan medhia lan pangembangane medhia film dhokumenter. Kelas kang digunakake yaiku kelas uji instrument (VII F). Kelaskontrol (VII E), lan kelas eksperimen (VII G). Teknik kang digunakake yaiku tes lan angket kanthi instrumen panaliten yaiku RPP, soal tes, lan lembar angket. Analisis dhata nggunakake t-tes signifikansi.

Asil panliten nuduhake Ha: Medhiafilm Dhokumenter ngundhaake kawasisan nulis geguritan siswa kelas VII SMP Negeri 1 Modo Lamongan tahun 2019/2020. Bab iku kabukti saka panliten 1 . Panliten 2 kanthi lan kesengkuyung asil respon siswa kelas uji instrumen 84% lan kelas eksperimen Rata-rata 87% tegese apik banget.

Tembung Wigati : Pangembangan Medhia Film Dhokumenter, Kawasisan, Nulis Neguritan.







Published
2019-12-30
How to Cite
SUMA ZAROH, S., & PAIRIN, U. (2019). PENGEMBANGAN MEDHIA FILM DHOKUMENTER KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS GEGURITAN SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 MODO, KABUPATEN LAMONGAN TAHUN AJARAN 2019/2020. JOB (Jurnal Online Baradha), 9(4). https://doi.org/10.26740/job.v9n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 33
PDF Downloads: 56