BASA PEDHALANGAN KI ENTHUS SUSMONO SAJRONE PAGELARAN WAYANG SANTRI LAKON MURID MURTAD

  • DANANG PERMONO AJI
  • UDJANG PAIRIN

Abstract

ABSTRAK

Ki Enthus Susmono kondhang minangka dhalang pagelaran wayang santri saka Tegal. Basa kang digunakake maneka warna wujude, ana basa Jawa ngoko, krama, ana uga basa Arab, lan basa Indonesia. Ananging sing luwih narik kawigaten yaiku basa ngapak utawa dialek ngapak. Bab kasebut sing dadi lelandhesane panliti njupuk panliten kanthi irah-irahan basa pedhalangan Ki Enthus Susmono ing pagelaran wayang santri lakon murid murtad.

Prakara kang dadi underane panliten yaiku (1) kepriye wernane ragam basa sing dianggo Ki Enthus Susmono nalika pagelaran wayang santri kanthi lakon murid murtad? (2) kepriye wujud pamilihe tembung lan tetembungan sajrone pagelaran wayang santri Ki Enthus Susmono lakon murid murtad? (3) tema apa wae kang ana ing pagelaran wayang santri kasebut?

Panliten kanthi tintingan sosiolinguistik iki mujudake panliten kualitatif dheskriptif. Dhata sajrone panliten arupa tembung-tembung lan ukara-ukara kang ngandharake bukti-bukti anane ragam basa kang digunakake dening Ki Enthus Susmono kang dijupuk saka sumber dhata, yaiku vidheo lan transkrip wayang santri lakon murid murtad. Dhata-dhata kasebut diklumpukake kanthi teknik studi kapustakan, nyemak lan nyathet. Analisis dhata kang digunakake sajrone panliten yaiku dheskriptif kualitatif. Teori kang digunakake kanggo nganalisis dhata yaiku teori Sosiolinguistik.

Asil panliten saka prakara kang nomer siji yaiku ana lima ragam basa kang digunakake Ki Enthus nalika nyuguhake lakon murid murtad. Ragam basa kasebut yaiku ragam basa Jawa-dialek ngapak, ragam basa Jawa-ngoko, ragam basa Jawa-krama, ragam basa Jawa-Arab, lan ragam basa Jawa-Indonesia. Saka lima asil analisis kasebut, ragam basa Jawa-dialek ngapak kang kalebu ragam basa paling unjo. Kaping loro, diksi kang digunakake Ki Enthus yaiku tembung rangkep dwilingga (dwilingga padha swara, salin swara), tembung rangkep dwiwasana, paribasan, lan bebasan. Kang kaping pungkasan, yaiku tema sajrone pagelaran wayang santri iki ing antarane kapercayan marang Gusti Allah, kapercayan marang Nabi Muhammad, kaping telu yaiku akhlak/sikap ngajeni marang Guru, ngajeni marang wong liya, lan rasa paseduluran.

Tembung wigati: ragam basa, wayang santri, Ki Enthus Susmono, murid murtad, sosiolingustik.

Published
2020-01-02
How to Cite
PERMONO AJI, D., & PAIRIN, U. (2020). BASA PEDHALANGAN KI ENTHUS SUSMONO SAJRONE PAGELARAN WAYANG SANTRI LAKON MURID MURTAD. JOB (Jurnal Online Baradha), 10(1). https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 72
PDF Downloads: 32