CITRA PEMIMPIN JAWA SAJRONE SERAT PANDHITA RAIB (TINTINGAN FILOLOGI)

  • KHOLIDATU TASLIMAH

Abstract

Naskah Serat Pandhita Raib sing sabanjure dicekak SPR mujudake salah sijine kasusastran Jawa Anyar sing tuwuh ing kraton Mangkunegaran. Kasusastran Jawa anyar wiwit tuwuh lan ngrembaka, ditengeri kanthi mlebune budaya Islam ing tanah Jawa. Isine crita SRP ngandhut bab sing magepokan karo Islam. Crita kasebut tuwuh minangka kaca benggalane kadadeyan-kadadeyan nyata sajrone paguripe menungsa. Senajan crita SPR kalebu reriptan sastra Jawa Anyar, ning isine ngandhut maneka wernane piwulang, norma, lan nile-nile sing isih relevan karo panguripan jaman saiki. Nile utama sing tinemu sajrone SPR yaiku ngenani pemimpin Jawa. Pemimpin Jawa kasebut banjur diandharake kanthi wujud citra.

Panliten tumrap SPR mujudake panliten kualitatif kanthi nggunakake pamarekan filologi. Wujud teks SPR yaiku tembang macapat sahengga uga nggunakake teori strukturalisme kanggo ngonceki struktur lan isine teks. Sumber dhata sing digunakake yaiku awujud foto naskah SPR sing asale saka Perpusnas Proklamator Bung Karno Blitar. Dhata primer sing digunakake yaiku tembung, frase, klausa, lan ukara sing asale saka teks Serat Pandhita Raib. Metodhe analisis dhata sing digunakake yaiku metodhe dheskriptif analisis.

Asile panliten iki ngandharake dheskripsi lan isine SPR, suntingan teks SPR, lan citra pemimpin Jawa sajrone SPR. Tinemu telung jinise citra pemimpin Jawa sajrone SPR adhedhasar tingkatane, yaiku nistha, madya, lan utama. Sepisan pemimpin nistha digambarake liwat paraga Pandhita Raib, yaiku pemimpin sing nggayuh kekarepane kanthi nggunakake maneka wernane daya lan upaya kalebu ngurangi hak-hake umate. Kapindho, pemimpin madya digambarake liwat paraga Raja Khabesah, pemimpin sing nggayuh apa sing dikarepake nganggo daya lan upaya kanthi tetep nimbang lan nglarasake karo kabisane umate. Katelu, pemimpin utama digambarake liwat paraga Raja Khebar, pemimpin sing ora mung kepengin nggayuh tujuwan uripe, ning uga bisa milih lan mbuktekake yen ana dalan sing luwih becik tinimbang sadurunge. Banjur dheweke uga ngajak umate supaya melu dalan kasebut kanggo nggayuh mring sampurnane urip.

Tembung Wigati: citra, pemimpin Jawa, serat, Pandhita Raib

Published
2020-01-02
How to Cite
TASLIMAH, K. (2020). CITRA PEMIMPIN JAWA SAJRONE SERAT PANDHITA RAIB (TINTINGAN FILOLOGI). JOB (Jurnal Online Baradha), 10(1). https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 50
PDF Downloads: 35