Tradhisi Nyadran Misaya Kupang ing Desa Balongdowo Kecamatan Candi Kabupaten Sidoarjo

  • AYU NURUL FATIMAH
  • YOHAN SUSILO

Abstract

ABSTRAK

TNMK yaiku salah sawijining tardhisi kang ana ing Desa Balongdowo, Kecamatan Candi, Kabupaten Sidoarjo kang dumadi saka daya pangaribawane legendha Makam Dewi Sekardadu kang ana ing Dusun Kepetingan. TNMK ditindakake sasuwene telung minggu ing wulan Ruwah minangka wujud rasa syukur kang diaturake dhumateng Gusti Allah Kang Maha Kuwasa, lan wujud pangarep-arep supaya diwenehi urip ayem, tentrem, lan adoh saka bebaya. Underan panliten saka panliten iki yaiku: kepriye mula bukane makam Dewi Sekardadu ing Dusun Kepetingan, kepriye tata laku lan ubarampe ing TNMK, kepriye makna simbolik sajrone TNMK, kepriye fungsi folklor sajrone TNMK, kepriye nilai-nilai budaya sajrone TNMK. Tujuwan panliten iki yaiku: ngandharake mula bukane makam Dewi Sekardadu ing Dusun Kepetingan, ngandharake tata laku lan ubarampe ing TNMK, ngandharake makna simbolik sajrone TNMK, ngandharake fungsi folklor sajrone TNMK, lan ngandharake nilai-nilai budaya sajrone TNMK.
Analisis teori kang digunakake kanggo ngonceki underaning panliten yaiku, konsep folklor saka Danandjaja, makna lan simbol nggunakake teori Tuner, nilai budaya nggunakake teori Djamaris kang merang nilai budaya dadi limang kategori adhedhasar gegayutane karo manungsa, lan pungkasan yaiku teori kanggo nintingi fungsi sajrone TNMK nganggo teori fungsi Bascom lan Dundes. Ancangan panlitene yaiku dheskriptif kualitatif. Instrumen panliten arupa panliti, dhaftar pitakonan, lan alat bantu. Teknik kanggo nglumpukake dhata yaiku teknik observasi, wawancara, lan dhokumentasi. Kanggo nganalisis dhata nggunakake open coding, axial coding, lan selective coding.
Rantaman adicara TNMK, yaiku mbentuk kapanitayaan, reresik desa, pasar malem, pagelaran wayang kulit, nyiapake salon lan jogedan, nyiapake ubarampe lan piranti, larung sajen, ngarak berkat, pembukaan adicara TNMK, serah tampa tumpeng/pambrangkatan, mbuwang pitik, mbuwang dhuwit receh, nyekar ing Makam Dewi Sekardadu, mbagi berkat lan manganan, wisata menyang Selat Madura, pengajian, lan pagelaran ludruk. Ubarampe ing TNMK, yaiku cok bakal, dupa, pitik urip, dhuwit receh, tumpeng, pitik panggang, urap-urap, lawuh, jajan pasar, lan gedhang. Fungsi TNMK yaiku, minangka sistem proyeksi, sarana pengesahan pranata lan lembaga budaya, sarana pendhidhikan, sarana kendali sosial, lan piguna liyane. Piguna liyane yaiku minangka sarana hiburan, sarana ngundhakake perekonomian, sarana rekreasi, lan sarana promosi kabudayan lan pariwisata. Nilai Budaya kang kinandhut yaiku nilai budaya kang nggayutake manungsa marang Gustine, alam donya, manungsa liyane, bebrayan, lan awake dhewe.

Tembung Wigati: Legendha, Tradhisi, Nyadran, Makam Dewi Sekardadu, Folklor.

Published
2020-01-09
How to Cite
NURUL FATIMAH, A., & SUSILO, Y. (2020). Tradhisi Nyadran Misaya Kupang ing Desa Balongdowo Kecamatan Candi Kabupaten Sidoarjo. JOB (Jurnal Online Baradha), 10(1). https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 175
PDF Downloads: 126