KONSTRUKSI STATIF LOKASIONAL ING BASA JAWA

  • DWI PUTRI SURYANINGSIH
  • SUGENG ADIPITOYO

Abstract

ABSTRAK

Konstruksi statif lokasional ing basa Jawa minangka perangane makna lan isi sajrone semantik gramatikal. Konstruksi statif lokasional bisa dicakake sajrone ukara ing basa Jawa, saliyane iku nuduhake papan panggonan kang ana ing basa Jawa. Struktur sajrone konstruksi statif lokasional ing basa Jawa nduweni titikan kang mligi, yaiku wasesane awujud tembung kriya kahanan. Saka panliten iki nduweni tujuwan kanggo ngandharake teges, titikan, lan jinise konstruksi statif lokasional. Saka asil panliten iki nduweni paedah kanggo nambahi kawruh lan ngrembakakake ilmu semantik, mligine ngenani konstruksi statif lokasional.

Panliten iki nggunakake teori transformasi generatif. Dene panliten iki kalebu jinis panliten linguistik dheskriptif, kang asipat linguistik sinkronis. Dhata sajrone panliten iki yaiku konstruksi statif lokasional ing basa Jawa, dene sumber dhata sajrone panliten iki yaiku ukara-ukara kang ngandhut konstruksi statif lokasional kang dijupuk saka kalawarti Panjebar Semangat taun 2015-2017. Dhata kasebut diklumpukake nggunakake teknik nyathet, kanthi cara njlentrehake dhata nggunakake metodhe agih. Asil saka panliten iki diperang ana 9 jinis konstruksi statif lokasional ing basa Jawa kanthi landhesan konstruksi statif lokasional presentif diperanng ana 3 jinis, konstruksi statif lokasional dhestinatif diperang ana 3 jinis, lan konstruksi statif lokasional originatif diperang ana 3 jinis.

Sajrone panliten iki bisa didudut yen konstruksi statif lokasional nduweni tetenger kang mligi yaiku wasesane awujud tembung kriya kahanan. panliten iki uga isih akeh lupute, mula panliti ngarepake ana panyaru sing bisa mbangun ing panliten sabanjure.

Tembung-tembung wigati: konstruksi statif lokasional, triaspek sintaksis.






Published
2020-01-10
How to Cite
PUTRI SURYANINGSIH, D., & ADIPITOYO, S. (2020). KONSTRUKSI STATIF LOKASIONAL ING BASA JAWA. JOB (Jurnal Online Baradha), 10(1). https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 102
PDF Downloads: 38