SESAMBUNGAN PARADHIGMATIK LAN SINTAGMATIKE TETEMBUNGAN SAJRONE TOTOHAN ADU PITIK ING KECAMATAN KAUMAN KABUPATEN TULUNGAGUNG

Authors

  • DANANG RAGIL WIDYANARKO
  • SUGENG ADIPITOYO

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%25p

Abstract

ABSTRAK

Tetembungan**minangka tembung kang nduweni teges tertamtu gumantung bidhange, kaya bidhang relasi sosial, pangupajiwa, tetanen, pendhidhikan lan sapanunggale. Salah sawijine yaiku tetembungan ing relasi sosial masyarakat Jawa kang kalebu tumindak durjana miligine totohan adu pitik. Tetembungan kasebut sabanjure bakal digoleki sesambungan8paradhigmatik lan8sintagmatike. Adhedhasar bab kasebut, undere panliten yaiku: (1) jinise sesambungan8paradhigmatike totohan adu pitik ing Kecamatan Kauman Kabupaten Tulungagung lan (2) jinise sesambungan sintagmatike tetembungan sajrone totohan adu pitik Kecamatan Kauman Kabupaten Tulungagung. Tujuwane panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake sesambungan paradhigmatike lan sintagmatike tetembungan sajrone totohan adu pitik ing Kecamatan Kauman KabupatenyTulungagung.

Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik dheskriptif kang asipat linguistik sinkronis. Dhatane awujud tetembungan sajrone totohan adu pitik Kecamatan Kauman Kabupaten Tulungagung. Banjur dhata kasebut digoleki jinis sesambungan paradhigmatike. Sawise iku dijlentrehake kanthi jlentrehan perangane teges lan jlentrehan struktur batin kanggo nemtokake sesambungan sintagmatike. Asil panliten iki yaiku, tetembungan sajrone totohan adu pitik nduweni patang jinis sesambungan paradhigmatik arupa hiponim, kohiponim, hipernim, lan kohipernime. Asil panliten iki uga nuduhake yen sesambungan sintagmatik nduweni rong sipat yaiku enkapsulatif lan dhistributif.

Tembung wigati: sesambungan paradhigmatik, sesambungan sintagmatik, tetembungan ing totohan adu pitik.






Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-01-13

How to Cite

RAGIL WIDYANARKO, D., & ADIPITOYO, S. (2020). SESAMBUNGAN PARADHIGMATIK LAN SINTAGMATIKE TETEMBUNGAN SAJRONE TOTOHAN ADU PITIK ING KECAMATAN KAUMAN KABUPATEN TULUNGAGUNG. Jurnal Online Baradha, 10(1). https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 88 , PDF Downloads: 96