ALIH KODE LAN CAMPUR KODE SAJRONE CERAMAH EMHA AINUN NAJIB (CAK NUN) KANTHI TEMA GUYUB RUKUN TANGGAL 30 DESEMBER 2017 ING BRATANG SURABAYA

  • YUNI ARTA YUDA WICAKSANA
  • UDJANG PAIRIN

Abstract

Abstrak

Panganggone alih kode lan campur kode ing antarane bisa ditemokake ing saben bebrayan, kayata wayah cermah. Panliten iki njupuk objek ceramah Emha Ainun Najib ing Bratang Surabaya lan punjere panliten iki luwih cundhuk marang alih kode lan campur kode.

Dhasare panliten iki yaiku nganani alih kode lan campur kode. Ancas saka panliten iki yaiku ngandharake kepriye wae wujud kedwibahasaan, alih kode lan campur kode sajrone ceramah Emha Ainun Najib ing kutha Surabaya. Paedah teoretis panliten iki yaiku bisa menehi sumbangsih marang panliten alih kode lan campur kode. Paedah praktise supaya bisa migunani tumrap pasinaon sosioliguistik.

Panliten iki minangka panliten sosiolinguistik awit ngrembug alih kode lan campur kode sing ana sesambungane karo ceramah Emha Ainun Najib. Panliten iki asipat deskriptif. Teori sing digunakake yaiku teori sosiolinguistik Chaer. Methode sing digunakake yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Dhata panliten iki njupuk saka video youtube banjur ditranslitasi menyang teks. Sumber dhata panliten iki yaiku ceramah Emha Ainun Najib ing Bratang Surabaya. Alih kode lan campur kode sajrone cermah Emha Ainun Najib ing Bratang Surabaya, dene alih kode kaperang dadi 3, yaiku kosep, ciri, sipat, dene campur kode uga kaperang dadi 3, yaiku konsep, ciri, lan sabab.

Tembung Wigati : Alih kode, Campur kode, Ceramah, Sosiolingutik




Published
2020-01-13
How to Cite
ARTA YUDA WICAKSANA, Y., & PAIRIN, U. (2020). ALIH KODE LAN CAMPUR KODE SAJRONE CERAMAH EMHA AINUN NAJIB (CAK NUN) KANTHI TEMA GUYUB RUKUN TANGGAL 30 DESEMBER 2017 ING BRATANG SURABAYA. JOB (Jurnal Online Baradha), 10(1). https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 64
PDF Downloads: 37