TRADHISI NYEKAR ING PESAREYAN MBAH SINUWUN DESA DEKET KULON KECAMATAN DEKET KABUPATEN LAMONGAN

Authors

  • DWI KARTIKA MEYRASYANTILI
  • SUKARMAN

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%25p

Abstract

Tradhisi nyekar ing pasareyan Mbah Sinuwun (TNIPMS) iki minangka tradhisi nyekar kang kagolong mligi beda karo tradhisi nyekar umume. TNIPMS iki ditindakake ing dina tartamtu saben sasi sepisan yaiku dina Kemis Legi. Saliyane iku nalika nindakake TNIPMS dibarengi karo nggawa ubarampe kang wis dadi syarat lan nduweni maksud utawa tujuwan tartamtu. TNIPMS iki kalebu folklor setengah lisan kang tuwuh lan ngrembaka ing desa Deket Kulon, kecamatan Deket, kabupaten Lamongan. Tradhisi kasebut ngrembaka turun-tumurun saka generasi siji menyang generasi sabanjure nganti generasi saiki minangka wujud rasa kurmate masyarakat.

Adhedhasar lelandhesane panliten, mula underaning panliten kang diandharake yaiku (1) Kepriye mula bukane TNIPMS ing desa Deket Kulon, kecamatan Deket, kabupaten Lamongan, (2) Kepriye tata laku adicara TNIPMS ing desa Deket Kulon, kecamatan Deket, kabupaten Lamongan, (3) Apa wae ubarampe lan uga maknane TNIPMS ing desa Deket Kulon, kecamatan Deket, kabupaten Lamongan, (4) Apa pigunane TNIPMS ing desa Deket Kulon, kecamatan Deket, kabupaten Lamongan, (5) Kepriye pamawase masyarakat tumrap TNIPMS ing desa Deket Kulon, kecamatan Deket, kabupaten Lamongan.

Ancase panliten TNIPMS iki yaiku (1) Ngandharake sejarah utawa asal-usule TNIPMS, (2) Ngandharake tata lakune TNIPMS, (3) Ngandharake ubarampe apa wae lan uga maknane sajrone TNIPMS, (4) Ngandharake pigunane TNIPMS, (5) Ngandharake kepriye pamawase masyarakat tumrap TNIPMS. Paedah panliten iki, yaiku diajab bisa nyumbang kawruh ngenani salah sawijining tradhisi, saliyane iku kanggo sumber informasi dhokumentasi mligine tumrap masyarakat desa Deket Kulon, sarta diajab muga bisa dadi referensi lan motivasi nalika nglakoni panliten folklor. Kanggo ngonceki masalah panliten ngenani mula buka, tata laku, lan ubarampe TNIPMS nggunakake konsep folklor kang dikutip dening James Danandjaja. Kanggo ngonceki maknane sajrone ubarampe nggunakake konsep semiotik Pierce. Kanggo ngandharake babagan piguna nggunakake konsep piguna dening Bascom. Kang pungkasan kanggo ngandharake pamawase masyarakat nggunakake konsep pamawas dening Mulyana.

Panliten iki kalebu panliten kualitatif dheskriptif amarga dhata kang dikumpulake rata-rata arupa tetembungan. Dhata kasebut arupa tetembungan tinulis utawa lisan kang diolehake saka asil observasi, wawancara, dhokumentasi lan kuisioner. Tatacara ngolah dhata yaiku wiwit saka transkripsi dhata, banjur nindakake keabsahan dhata, sawise iku nganalisis dhata wiwit saka nggolongake miturut golongane, banjur mriksa dhata kang cocog karo underaning panliten banjur menehi simpulan saka asil panliten.

Asiling panliten iki nuduhake ngenani mula bukane TNIPMS kuwi tuwuh saka anane rasa kurmate masyarakat desa Deket marang leluhure desa Deket yaiku Mbah Sinuwun kang wis nyebarake agama Islam ing tlatah Lamongan. Kaping pindho yaiku tata laku TNIPMS kang diwiwiti saka titi siyaga, banjur titi laksana, sawise iku ana titi wasana. Kaping telu yaiku ubarampe TNIPMS yaiku sega tumpeng putih, pitik panggang, iwak bandeng, urap-urap, kembang setaman, kopyah lan rukuh (calon manten). Sakabehe ubarampe nduweni makna simbolik dhewe-dhewe. Kaping papat piguna TNIPMS yaiku sarana sistem proyeksi, sarana pangesahe budaya, sarana pendhidhikan, sarana pengendhali sosial, sarana religi, sarana sosial, sarana kanggo nguri-uri kabudayan. Kaping lima pamawase masyarakat turap TNIPMS yaiku ana kang mangerteni mula bukane TNIPMS lan ora mangerteni nanging tetep nindakake TNIPMS amarga wis dadi tradhisi turun-tumurun saka sesepuh.

Tembung wigati: Tradhisi Nyekar, Mbah Sinuwun, lan Folklor


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-01-13

How to Cite

KARTIKA MEYRASYANTILI, D., & SUKARMAN. (2020). TRADHISI NYEKAR ING PESAREYAN MBAH SINUWUN DESA DEKET KULON KECAMATAN DEKET KABUPATEN LAMONGAN. Jurnal Online Baradha, 10(1). https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 51 , PDF Downloads: 102