LAKU RELIGI LAN WASIYAT NABI SAJRONE SERAT PARAS NABI TERUS SEDANE (TINTINGAN FILOLOGI)

  • RERIK DYAH AYU
  • SRI WAHYU WIDAYATI

Abstract

Sastra mujudake gegambaraning urip manungsa ing bebrayan agung. Lumantar sastra, panulis bisa nulis sawijine karya sastra kanggo medharake apa kang dirasakake lan kepriye pamikire. Apa kang dadi rasa pangrasane lan pamikire mau bakal kawujud sawijine karya satra, banjur diwaca karo masyarakat. Salah sawijine wujud karya sastra yaiku naskah. Naskah yen diwawas saka ilmu filologi ngemot sakabehing piguna tumrap uripe manungsa ing bebrayan agung. Salah sawijine naskah kasebut yaiku Serat Paras Nabi Terus Sedane kang didadekaku objek panliten kang narik kawigaten kanggo ditliti. Naskah iki dipilih kanthi objek panlitin amarga isine ngamot laku religi lan wasiyat nabi.

Underane panliten yaiku (1) Kepriye wujud lan isi Naskah SPNTS? (2) Kepriye suntingan naskah SPNTS? (3) Kepriye Laku Religi lan Wasiyat Nabi kang kinandhut sajrone naskah SPNTS?, sesambungan klawan underaning panliten mau, panliten iki diajab bisa nyumbangake kawruh mligine ing babagan kauripan. Panliten iki nduweni ancas kang mujudake 1)Ngandharake Deskripsi Naskah SPNTS. 2)Ngandharake suntingan naskah SPNTS. 3) Ngandharake Laku Religi lan Wasiyat Nabi kang kinandhut sajrone naskah SPNTS.

Panliten iki kalebu panliten kualitatif kanthi nggunakake metode deskriptif analitik. sajrone kritik teks, metode kang digunakake yaiku metode naskah tunggal. Teknik pangumpuling dhata nggunakake kartu dhata lan cathetan. Asiling panliten iki ngandharake deskripsi naskah, suntingan teks, sasmita lan wewateking tembang lan laku religi dan wasiyat nabi naskah SPNTS. Suntingan teks sajrone panliten filologi minangka pumjering panliten lan wigati. Sajrone naskah SPNTS diperang dadi loro. Sepisan ngenani laku religi, kaping pindho ngenani wasiyat. Laku religi isih diperang maneh dadi loro yaiku pinaringan wahyu lan paedah wahyu. ngenani wasiyat yaiku diperang dadi loro yaiku tresna asih marang sasama lan kuwajiban umat marang Gustine.

Pepenget: naskah, dekripsi, suntingan teks, laku religi lan wasiyat nabi

Published
2020-01-14
How to Cite
DYAH AYU, R., & WAHYU WIDAYATI, S. (2020). LAKU RELIGI LAN WASIYAT NABI SAJRONE SERAT PARAS NABI TERUS SEDANE (TINTINGAN FILOLOGI). JOB (Jurnal Online Baradha), 10(1). https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 58
PDF Downloads: 33