TINDAK DEGSIYA TUMRAP WANITA SAJRONE NOVEL CARANG - CARANG WISA ANGGITANE TULUS SETIYADI (Tintingan Sosiologi Sastra)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%25pAbstract
Novel Carang - Carang Wisa anggitane Tulus Setiyadi ngaturake ngenani tumindak degsiya tumrap wanita krana pangaribawaning budaya patriarki ing masyarakat kang awujud otoritas perangane angga kang dadi hak pemilik. Bab iki sing mahanani anane tumindak degsiya fisik, mental, lan seksual uga anane konflik krana faktor status sosial. Bab kasebut bisa luwih cocog yen novel kasebut ditliti nganggo tintingan sosiologi sastra.
Adhedhasar andharan kasebut underane panliten sajrone Novel Carang - Carang Wisa yaiku, kepriye gambarane tindak degsiya tumrap wanita arupa tumindak (1) fisik, (2) mental, lan (3) seksual sajrone Novel Carang - Carang Wisa. Dene ancase panlinten yaiku njlrentrehake tindak degsiya tumrap wanita arupa tumindak (1) fisik, (2) mental, lan (3) seksual sajrone Novel Carang - Carang Wisa.
Kanggo mawas bab nggunakake tintingan sosiologi sastra, mligine sosiologi sastra sing dijlrentrehake dening Wellek & Warren sing munjer ana ing karya sastra tanpa njlrentrehake sosiologi sastra pangripta lan sosiologi sastra pamaca.
Paedahe panliten iki yaiku diajab bisa menehi sumbangan marang panliten sosiologi sastra liyane, piranti kanggo aweh apresiasi lan kritik ngenani tumindak degsiya uga tintingan sosiologi sastra mligine sastra Jawa modern.
Panliten iki kalebu panliten kualitatif dheskriptif. Metodhe khusus tintingan sosiologi sastra. Sumber dhata arupa novel Carang - Carang Wisa. Dhata sekunder arupa buku, jurnal, lan internet. Saliyane iku dhata panliten iki uga arupa ukara lan tembung kang ana sesambungan karo underane panliten. Pangumpule dhata nggunakake metodhe kapustakaan. Kanggo ngandharake dhata digunakake metodhe deskriptif analisis.
Asile panliten iki dijupuk saka underane panliten kang diprinci maneh dadi telu bab, yaiku liwat wujud, sebab lan akibat. (1) Tindak degsiya tumrap wanita arupa tumidak fisik kang kalebu wujud, yaiku anane pepatenan; sebab yaiku perkara dhuwit; akibate yaiku wanita wis ora kuwawa kanggo nglawan tindak degsiya. (2) Tindak degsiya tumrap wanita arupa tumindak mental kang kalebu wujud yaiku anane ancaman; sebab yaiku faktor status sosial; akibate yaiku wanita kelangan jati dhiri. (3) Tindak degsiya tumrap wanita arupa tumindak seksual kang kalebu wujud yaiku anane ekploitasi seksual, perdagangan wanita, intimidasi seksual; sebab yaiku anane pangwasa lan otoritas; akibate yaiku resiko kelarane bageyan alat vital wanita.
Tembung-tembung wigati: tumindak fisik, tumindak mental, tumindak seksual.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

