CAK-CAKANE TRADHISI SEPASARAN BAYI ING DESA TANEN LAN DESA JABALSARI, TULUNGAGUNG (TINTINGAN ETNOLOGI BUDAYA)

  • DINDA MEI ANJARWATI
  • SRI WAHYU WIDAYATI

Abstract

ABSTRAK

Tradhisi Sepasaran Bayi (TSB) iki ditindakake saben ana bayi lair lan nalika bayi kuwi wis umur limang dina utawa wis pupak pusere. TSB iki kalebu folklor setengah lisan kang tuwuh lan ngrembaka ana ing desa Tanen lan desa Jabalsari. Underan panliten iki yaiku 1) Kepriye tatalaku TSB ing desa Tanen lan ing Desa Jabalsari kabupaten Tulungagung, 2) Kepriye ubarampe TSB ing desa Tanen lan ing Desa Jabalsari kabupaten Tulungagung, 3) Kepriye makna tatalaku lan ubarampe kang ana ing TSB ing desa Tanen lan ing Desa Jabalsari kabupaten Tulungagung, 4) Kepriye bedane antarane TSB ing desa Tanen lan ing Desa Jabalsari kabupaten Tulungagung, lan 5) Kepriye upaya palestarian TSB ing desa Tanen lan ing Desa Jabalsari kabupaten Tulungagung.

Ancase panliten TSB iki yaiku jlentrehake tatalaku, ubarampe, makna tatalaku lan ubarampe, bedane, lan upaya pelestarian TSB ing desa Tanen lan ing Desa Jabalsari kabupaten Tulungagung. Paedahe saka panliten iki yaiku nambahi kawruh ngenani tradhisi, nglestarekake kabudayan Jawa, kanggo dhokumentasi utamane TSB ing desa Tanen kecamatan Rejotangan lan ing desa Jabalsari kecamatan Sumbergempol kabupaten Tulungagung ing babagan kabudayan amrih tansah dijaga lan diuri-uri supaya bisa dimengerteni kabeh dhaerah saka sajabane desa Tanen lan desa Jabalsari.

Panliten iki kalebu panliten kualitatif dheskriptif komparatif amarga dhata kang dikumpulake rata-rata awujud tetembungan kang tinulis utawa lisan kang diasilake saka asil observasi, wawancara, dhokumentasi lan kuisioner. Tatacara ngolah dhata yaiku wiwit saka transkripsi dhata, banjur nindakake keabsahan dhata, sawise iku nganalisis dhata wiwit saka nggolongake miturut golongane, banjur mriksa dhata kang cocog karo underaning panliten banjur menehi simpulan saka asil panliten.

Asiling saka panliten iki nuduhake ngenani TSB kang kelebu salah sawijine ciri khas kabudayan dhaerah kang ana ing kabupaten Tulungagung wigati kang ana ing desa Tanen lan desa Jabalsari. TSB iki minangka wujud rasa syukur dhumateng Gusti Kang Maha Agung amargi sampun diparingi yoga lan ditindakake nalika bayi umur limang dina utawa wis pupak pusere. Wujud lan makna kang kinandut ing sajrone TSB ana loro, yaiku tatalaku lan ubarampe. Ubarampe ing TSB kang wajib ana yaiku cok bakal. Sajrone panliten iki uga nggunakake tintingan etnologi budaya kanthi nggunakake metodhe komparasi budaya. Wujud komparasi kang tuwuh ing TSB kaperang dadi rong aspek yaiku aspek kang padha lan aspek kang beda. Saliyane kuwi uga nuduhake ngenani upaya pelestarian saka TSB kang bisa ditindakake dening para masyarakat desa Tanen lan desa Jabalsari kanthi cara nindakake TSB saben ana bayi lair ing kulawargane, supaya bisa dikenalake marang masyarakat liya mligine para pemudha, amarga TSB iki kalebu tradhisi dhaerah kang dadi ciri khase dhaerah Tulungagung kang wis ngrembaka kanthi cara turun temurun.

Tembung wigati: Tradhisi Sepasaran Bayi, Folklor, lan Etnologi Budaya






Published
2020-01-16
How to Cite
MEI ANJARWATI, D., & WAHYU WIDAYATI, S. (2020). CAK-CAKANE TRADHISI SEPASARAN BAYI ING DESA TANEN LAN DESA JABALSARI, TULUNGAGUNG (TINTINGAN ETNOLOGI BUDAYA). JOB (Jurnal Online Baradha), 10(1). https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 110
PDF Downloads: 37