PENYIMPANGAN MAKSIM KAWICAKSANAN SAJRONE VIDHEO YOUTUBE CERITA KEHIDUPAN KARYA BATS CHANNEL

Authors

  • DHIMAS YOGA PERWIRA
  • SURANA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%25p

Abstract

ABSTRAK

PENYIMPANGAN MAKSIM KAWICAKSANAN SAJRONE VIDHEO YOUTUBE CERITA KEHIDUPAN KARYA BATS CHANNEL

Nama : Dhimas Yoga Perwira

NIM : 15020114086

Prodi/Jurusan : S-1/Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa

Fakultas : Bahasa lan Seni

Lembaga : Universitas Negeri Surabaya

Pembimbing : Dr. Surana, S.S., M.Hum

Tahun : 2019

Panganggone basa ing saben ndina nuduhake yen ta basa kuwi dadi salah sawijine ilmu sing wigati. Basa uga dianggo kanggo alat komunikasi saben ndina lan awujud pacaturan. Ing bebrayan basa digunakake minangka sarana kanggo ngungkapake utawa nuduhake pamikir, rasa, emosi, lan ngomongake samubarang utawa weling sing arupa pamanggih utawa usul. Sajrone basa kasebut dituturake, ana paugeran sing kudu tansah diugemi kareben wong liya lan panutur bisa mangerteni apa kang dimaksud ing sajrone tuturan. Nanging, akeh uga sing kurang ngugemi paugeran lan malah-malah nglanggar paugeran kasebut. Wong sing nglanggar maksim sinebut penyimpangan maksim. Panliti milih irah-irahan Penyimpangan Maksim Kawicaksanan Sajrone Vidheo Youtube Cerita Kehidupan Karya Bats Channel, amarga sajrone vidheo kasebut ngemu penyimpangan maksim.

Panliten iki minangka panliten dheskriptif kualitatif. Dhata sing ana sajrone panliten iki awujud tembung, frasa lan ukara sing sumber dhatane yaiku vidheo Youtube Cerita Kehidupan karya Bats Channel. Teknik nyemak lan nyathet dadi tata cara kanggo ngumpulake dhata lan sabanjure bakal diklasifikasikake sing nduweni sipat nyimpangake maksim kawicaksanan lan banjur dianalisis. Banjur asile penliten diklasifikasiake kanthi wujud tuturan miturut Searle.

Asile saka panliten iki antarane yaiku wujud, 1) Wujud Ekspresif, 2) Wujud Asertif, lan 3) Wujud Impositif. Asil sing kapindho tujuwan 1) Ekspresif Tujuwan Ngarani, 2) Ekspresif Tujuwan Maneni, 3) Asertif Tujuwan Ngarani, 4) Asertif Tujuwan Nyepelekne, 5) Asertif Tujuwan Maneni, 6) Impositif Tujuwan Maneni. Saliyane asil kuwi uga ana asil sing arupa titikan ing saben wujud lan tujuwan.

Tembung wigati: Penyimpangan Maksim, Pacaturan, Pragmatik, Ekspresif, Asertif, Impositif, Cerita Kehidupan.






Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-01-21

How to Cite

YOGA PERWIRA, D., & SURANA. (2020). PENYIMPANGAN MAKSIM KAWICAKSANAN SAJRONE VIDHEO YOUTUBE CERITA KEHIDUPAN KARYA BATS CHANNEL. Jurnal Online Baradha, 10(1). https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 41 , PDF Downloads: 68