KONFLIK SOSIAL SAJRONE ANTOLOGI CERKAK CENGKIR GADHING TAMPARAN SUTRA KANG KAIMPUN DENING ARY NURDIANA (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)

  • ERIAH EKA ZAKIYATUL FITRI
  • YUNITA ERNAWATI

Abstract


Konflik sosial mujudake prekara-prekara sing tuwuh sajrone bebrayan masyarakat jalaran anane kadadeyan kang ditindakake marang manungsa siji lan sijine. Antologi cerkak CGTS kang kaimpun dening Ary Nurdiana ngandharake maneka werna konflik sosial kang dumadi antarane paraga siji karo paraga liyane. Punjere panliiten iki yaiku: 1) Kepriye wujud konflik sosial sajrone antologi cerkak CGTSkang kaimpun dening Ary Nurdiana?, 2) Apa kang dadi panyebab tuwuhe konflik sosial sajrone antologi cerkak CGTS kang kaimpun dening Ary Nurdiana?, lan 3) Kepriye carane anggone mungkasi konflik sosial sajrone antologi cerkak CGTS anggitane kang kaimpun dening Ary Nurdiana?. Adhedhasar underane panliten kasebut ing dhuwur, bisa didudut ancase panliten yaiku 1) Njlentrehake konflik sosial sajrone antologi cerkak CGTS kang kaimpun dening Ary Nurdiann, 2) Njlentrehake panyebab tuwuhe konflik sosial sajrone antologi cerkak CGTS kang kaimpun dening Ary Nurdiana lan 3) Njlentrehake carane mungkasi konflik sosial sajrone antologi cerkak CGTS kang kaimpun dening Ary Nurdiana.

Panliten iki nggunakake tintingan sosiologi sastra. Sunber dhatane arupa antologi cerkak CGTS kang kaimpun dening Ary Nurdiana. Kang difokusna ana ing panliten iki yaiku ngenani konflik sosiale sing ditandang marang para paraga sajrone antologi cerkak CGTS. Teknik kanggo ngumpulake dhata iki nganggo metodhe dheskriptif kualitatif. Dhata sajrone panliten iki dipakoleh kanthi cara nganalisis antologi cerkak CGTS kang kaimpun dening Ary Nurdiana klawan migunakake teknik maca, nyatet lan nggolongake dhata kasebut banjur dhata dijlentrehake kanthi nggunakake teknik dheskriptif kualitatif. Instrumen kang digunakake kanggo panliten iki yaiku panliti dhewe klawan alat bantu kayata buku utawa kertas, pulpen lan petelot.

Asile panliten yaiku ngandharake telung prekara ing antarane 1) wujud konflik sosial, 2) panyebabe konflik sosial lan 3) cara pamungkase konflik sosial. Wujud konflik sosial kagambarake kanthi wujud kacingkrangan, padudon lan tindak kriminal. Banjur panyebabe konflik ana telu yaiku ekonomi, beda panemu lan rasa kurang adil. Ekonomi dhewe kabagi dadi loro yaiku ekonomi sajroning kaluwarga lan masyarakat. Panyebab sajrone bab ekonomi kabagi dadi loro yaiku pakaryan lan pendhidhikan. Panyebab kaping loro sajrone beda panemu yaiku anane kurang rasa adil, kurange rasa paseduluran lan kurange rasa menghormati. Panyebab kaping telu rasa kurang adil kabagi dadi loro yaiku tuwuhe rasa kuciwa lan pasrah. Cara pamungkasane konflik sosial kabagi dadi papat yaiku usaha golek gaweyan, nerusake sekolah, ngalah lan musyawarah.

Tembung wigati: konflik sosial, tokoh, sosiologi sastra.






Published
2020-01-21
How to Cite
EKA ZAKIYATUL FITRI, E., & ERNAWATI, Y. (2020). KONFLIK SOSIAL SAJRONE ANTOLOGI CERKAK CENGKIR GADHING TAMPARAN SUTRA KANG KAIMPUN DENING ARY NURDIANA (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA). JOB (Jurnal Online Baradha), 10(1). https://doi.org/10.26740/job.v10n1.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 94
PDF Downloads: 25