CERBUNG PUNGGEL ANGGITANE ISMOE RIANTO : TINTHINGAN ANTROPOLOGI SASTRA

Authors

  • ROHMAH TRI SUSANTI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

Rohmah Tri Susanti

 

Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA (rohma_sesanti@yahoo.co.id)

 

 

ABSTRAK

 

                   Cerbung Punggel anggitane Ismoe Rianto iki narik kawigaten, amarga ngandhut perangan-perangan kang sadurunge ora dingerteni dening saperangan bebrayan ing jaman saiki. Perangan-perangan kasebut diangkat saka budaya leluhur, kayata panguripane wong Jawa kang isih percaya marang adat, mitos, lan mistik. Adhedhasar kahanan kasebut, cerbung Punggel iki bakal kadhudhah nggunakake tinthingan antropologi sastra. Undherane panaliten iki, yaiku 1) kepriye aspek tematis  sajrone cerbung Punggel anggitane Ismoe Rianto, 2) kepriye gegambarane adat panggih temanten Jawa sajrone cerbung Punggel anggitane Ismoe Rianto, 3) kepriye gegambarane mitos sajrone cerbung Punggel anggitane Ismoe Rianto, lan 4) kepriye gegambarane mistik sajrone cerbung Punggel anggitane Ismoe Rianto.

                Panliten kang nggunakake tinthingan antropologi sastra iki mujudake panliten kualitatif deskriptif. Data kang dianalisis arupa tembung-tembung, ukara, lan wacana kang dijupuk saka sumber data, yaiku cerbung Punggel anggitane Ismoe Rianto kang kapacak ing Panjebar Semangat edhisi 33 nganti teka edhisi 48. Data-data kasebut dikumpulake kanthi nggunakake teknik waca, pilih, lan cathet. Analisis data kang digunakake ing panliten iki yaiku deskriptif analitik. Teori kang digunakake kanggo nganalisis data yaiku teori antropologi sastra, mligine ngenani adat panggih temanten Jawa, mitos, lan mistik.

                Asile panliten nuduhake yen masyarakat sajrone cerbung Punggel isih tansah ngugemi adat panggih temanten kang bisa diwawas saka tumindak-tumindake para paraga nalika adicara panggih temanten. Paraga isih nindakake tata cara panggih temanten kanthi runtut. Masyarakat sajrone cerbung uga isih percaya marang mitos-mitos kang wis dadi kapitayane para leluhur wiwit biyen. Mitos-mitos kasebut bisa menehi pratandha lan bebener marang masyarakat kang percaya. Kejaba adat panggih temanten lan mitos, babagan mistik uga isih dipercaya dening masyarakat sajrone cerbung. Babagan iki bisa ditilik saka paraga-paraga kang percaya marang bab-bab gaib.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-07-02

How to Cite

TRI SUSANTI, R. (2013). CERBUNG PUNGGEL ANGGITANE ISMOE RIANTO : TINTHINGAN ANTROPOLOGI SASTRA. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 52 , PDF Downloads: 69