KATRAPSILAN BASA ING TINDAK TUTUR ILOKUSI SAJRONE CECATURAN MASYARAKAT DESA PRIGI KECAMATAN KANOR KABUPATEN BOJONEGORO (TINTINGAN PRAGMATIK)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v11n2.p%25pAbstract
ABSTRAK
Prinsip katrapsilan mujudake aturan utawa norma sosial kang gegayutan karo tindak tutur pawongan sajrone masyarakat kang kudu digatekake sajrone proses komunikasi. Prinsip katrapsilan nduweni nem maksim yaiku maksim kawicaksanan, maksim kedermawanan, maksim penghargaan, maksim kesederhanaan, maksim kecocogan, lan maksim kasimpaten. Maneka maksim kuwi nuduhake maneka wujud tindak tutur ilokusi kang digunakake dening pawongan. Tujuwan saka panliten iki yaiku supaya bisa meruhi tingkatan katrapsilan lan ora trapsilane basa kang digunakake masyarakat desa Prigi, Kanor, Bojonegoro.
Teori kang digunakake ing panlitenn iki yaiku teori pragmatik. Tata cara ngumpulake dhata sajrone panliten iki nggunakake metodhe semak. Teknik dhasar metodhe semak mujudake anane teknik rekam lan teknik nyathet. Sumber dhata panliten iki yaiku cecaturan masyarakat. Dhata panliten disuguhake kanthi wujud teks arupa andharan saka tumindak cecaturan antarane panutur lan mitratutur.
Asil panliten iki nuduhake yen kabeh prinsip katrapsilan kang ngandhut nem maksim lan pelanggaran prinsip katrapsilan ana ing cecaturan masyarakat desa Prigi, Kanor, Bojonegoro. Wujud maksim kang ditemokake yaiku maksim kawicaksanan kanthi tipe tuturan dhirektif lan tipe tuturan komisif. Maksim kedermawanan kanthi tipe tuturan dhirektif lan tipe tuuturan komisif. Maksim penghargaan kanthi tipe tuturan ekspresif lan tipe tuturan asertif. Maksim kesederhanaan kanthi tipe tuturan ekspresif. Maksim kecocogan kang nuduhake rasa cocoge panutur lan mitratutur. Maksim kasimpaten nggunakake tipe tuturan asertif lan ekspresif.
Tembung Wigati : Prinsip Katrapsilan, Ilokusi, Masyarakat Bojonegoro.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section
Abstract views: 50
,
PDF Downloads: 62











