TINDAK TUTUR ASERTIF ING PASAR SONGGOLANGIT, BANYUDONO, KABUPATEN PONOROGO

Authors

  • NOVI INDRIA WARDANI
  • SURANA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v11n2.p%25p

Abstract

Tindak tutur asertif minangka perangan tindak tutur ilokusi sing isih ngrembaka ing bebrayan. Tuturan iki diwedharake kanggo menehi bebener sajrone ngandharake informasi. Punjere panliten iki ngenani jinis TTA adhedhasar lageyan panutur lan pananggape mitra tutur sing dumadi ing Pasar Sanggalangit, Banyudono, Kabupaten Ponorogo. Ancas saka punjere perkara panliten yaiku ngandharake lan njlentrehake jinis TTA adhedhasar lageyan panutur lan pananggape mitra tutur.

Teori sing digunakake sajroning panliten yaiku teori dheskriptif kualitatif. Panliten iki kalebu jinis panliten etnografi, amarga nggayutake basa karo konteks. Sumber dhata sajrone panliten saka maneka warna tuturan sing diwedharake dening pawongan ing pasar Sanggalangit. Dhata panliten awujud ukara-ukara sing dituturake dening panutur lan mitra tutur. Tatacara nglumpukake dhata nggunakake metodhe semak lan cakap. Dhata disuguhake kanthi cara informal.

Asile panliten adhedhasar lageyan panutur diperang dadi papat yaiku kanthi cara blaka langsung, blaka ora langsung, ora blaka langsung, lan ora blaka ora langsung. Jinis iki diperang dadi sangalas. TTA akeh ditemokake sajroning tuturan blaka langsung. Ora blaka ora langsung durung bisa ditemokake sajroning panliten amarga perangan iki ora ngemu informasi saka apa sing diandharake. TTA adhedhasar pananggape mitra tutur diperang dadi pat belas. Pananggape mitra tutur gumantung karo wedharan saka panutur. Informasi-informasi bisa katampa utawa katampik gumantung karo kahanan sing dirasakake dening mitra tutur. Mitra tutur ngrasa informasi kasebat slaras karo pamikire, tuturan bakal ditampa. Yen informasi sing dituturake kasebut ora padha karo sing dirasakake, bakal nuwuhake panampike mitra tutur. Cara-carane panutur nampa utawa nampik tuturan ora mung lumantar pocapan nanging uga awujud tumindak.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-01-23

How to Cite

INDRIA WARDANI, N., & SURANA. (2020). TINDAK TUTUR ASERTIF ING PASAR SONGGOLANGIT, BANYUDONO, KABUPATEN PONOROGO. Jurnal Online Baradha, 11(2). https://doi.org/10.26740/job.v11n2.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 52 , PDF Downloads: 53