PENGEMBANGAN MEDHIA KOMIK DHIGITAL TUMRAP KAWASISAN MACA TEKS CRITA RAKYAT JAWA SISWA KELAS VII SMP NEGERI 2 BALONGBENDO TAUN 2018-2019

  • SITI MARUFA

Abstract

ABSTRAK

Pendhidhikan nduweni peran kang wigati kanggo ngundhakake sumber dayane manungsa. Guna kanggo ngundhakake babagan kuwi dibutuhake usaha kang ora entheng. Ing masyarakat Indonesia pendhidhikan isih akeh masalah kang abot ngenani kuwalitas pendhidhikan. Sajrone donyane pendhidhikan basa Jawa isih dilestariake. Salah sawijining cara nglestarekake Basa Jawa yaiku nganakake piwulangan Basa Jawa kanthi pendhidhikan formal ing sekolahan. Basa Jawa uga bisa dilestariake nganggo pasinaon ing masyarakat lan kulawarga. Ing pasinaon basa Jawa ana patang babagan kawasisan kang kudu dikuwasani dening siswa. Miturut Tarigan (2008:2) kawasisan basa cacahe ana papat yaiku katrampilan maca, micara, maca lan nulis. Perangan kasebut digunakake kanggo komunikasi. Kagiyatan micara lan maca kalebu komunikasi lisan. Dene kagiyatan maca lan nulis kalebu komunikasi tulis. Saka sipate kawasisan basa maca lan maca asipat reseptif utawa nrima, yen wicara lan nulis sipate prodhuktif utawa sipat ngasilake. Basa kasebut nduweni sambung raket antarane kawasisan utawa katrampilan siji lan liyane.

Salah sijine kawasisan kang wigati ing sekolah lan kanggone siswa yaiku kawasisan maca. Kawasisan maca digunkake kanggo siswa supaya mangerteni kepriye babagan maca kang bener mligine maca nggunakake basa Jawa. Kawasisan maca sajrone pamulangan ing kelas VII mata pelajaran basa Jawa yaiku kawasisan maca teks crita rakyat. Underan panliten iki yaiku (1) Kepriye proses pangembangan medhia komik dhigital tumrap kawasisan maca teks crita rakyat Jawa siswa kelas VII SMP Negeri 2 Balongbendo; (2) Kepriye tingkat efektivitas panganggone medhia komik dhigital tumrap kawasisan maca teks crita rakyat Jawa siswa kelas VII SMP Negeri 2 Balongbendo; (3) Kepriye respon siswa tumrap panganggone komik dhigital minangka medhia pasinaon. Salaras klawan underan panaliten kasebut, panaliten iki nduweni ancas (1) Ngandharake proses pangembangan medhia komik dhigital tumrap kawasisan maca teks crita rakyat Jawa siswa kelas VII SMP Negeri 2 Balongbendo; (2) Ngandharake tingkat efektivitas panganggone medhia komik dhigital tumrap kawasisan maca teks crita rakyat Jawa siswa kelas VII SMP Negeri 2 Balongbendo; (3) Ngandharake respon siswa tumrap panganggone komik dhigital minangka medhia pasinaon. Panliten iki mujudake panliten pengembangan, yaiku panliten sing digunakake kanggo ngasilake prodhuk tartamtu lan nguji efektifitas prodhuk kasebut langkah-langkah pengembangan medhia komik dhigital kaya langkah-langkah sing diandharake dening Sugiyono, yaiku nganalisis kebutuhan siswa lan isi medhi, rancang dhesain, implementasi dhesai, pengujian, validasi ahli, revisi, uji kelayakan, revisi medhia lan produksi. Efektivitas medhia ditemtokake kanthi metodhe experimen kanthi model quaisi experimental design awujud pretest-posttest control group design. Populasi ing panliten iki yaiku siswa kelas VII SMPN 2 Balongbendo, Sidoarjo. Eksperimen iki nggunakake 3 sampel sing dijupuk kanthi nggunakake teknik sampling purposive, yaiku VII F minangka kelas uji instrumen, kelas VII A minangka kelas kontrol VII B minangka kelas eksperimen.

Sadurunge medhia pasinaon komik dhigital diuji efektivitase luwih dhisik diuji validitas medhia dening ahli validator lan ing kelas uji instrument. Adhedhasar asil validasi ahli materi 1 dinyatakake layak kanthi persentase 97,5% lan ahli materi 2 kanthi presentase 95,0% sing kagolong apik banget. Saka ahli medhia antuk pambiji kanthi presentase 95,0% sing kagolong apik banget. Adhedasar pangitungan realibilitas instrumen yaiku pretest-postest panliten I lan pretes-postest panliten II, intrumen panliten dinyatakake reliabel saengga instrumen layak digunakake kanggo panliten efektivitas medhia komik dhigital.

Efektivitas medhia komik dhigital sing dikembangake ditemtokake adhedasar asil sinau siswa kelas eksperimen lan kontrol. Adhedasar pangitungan efektivitas pasinaon ing kelas eksperimen lan kontrol yaiku asil pretest kelas eksperimen ing panliten 1 antuk biji 67,4 lan posttes antuk biji 82,7. Dene kelas kontrol antuk biji pretest 66,4 lan posttes 76,7. Asil pretest lan postest ing panliten II nduweni asil pretest kelas esperimen 84,7 lan posttes 91,3. Dene kelas kontrol antuk biji pretest 83,5 lan posttes 91,0 saka asil pambiji kasebut kagolong signifikan. Bandhingan asil saka kelas eksperimen lan kelas kontrol yaiku biji kelas eksperimen kang nggunakake medhia asile relatif padha nanging luwih dhuwurkelas eksperimen.

Adhedasar asil analisis angket respon siswa kelas eksperimen diolehi prensentase pambiji 52,9 sing kagolong apik. Adhedhasar asil kasebut bisa didudut yen panliten iki buktekake hipotesis, yaiku ana pambeda sing signifikan antarane asil sinau kelas ekperimen klawan kelas kontrol. Mula saka iku, bisa diweruhi yen H0 ditolak lan Ha ditampa, kanti asil kelas eksperimen 91,3, tegese medhia pasinaon komik dhigtal ngundhakake kawasisan maca teks crrita rakyat Jawa, siswa kelas VII SMPN 2 Balongbendo, Sidoarjo.

Kata Kunci: pengembangan, medhia pasinaon komik dhigital, kawasisan maca teks crita rakyat Jawa.

Published
2020-01-23
How to Cite
MARUFA, S. (2020). PENGEMBANGAN MEDHIA KOMIK DHIGITAL TUMRAP KAWASISAN MACA TEKS CRITA RAKYAT JAWA SISWA KELAS VII SMP NEGERI 2 BALONGBENDO TAUN 2018-2019. JOB (Jurnal Online Baradha), 11(2). https://doi.org/10.26740/job.v11n2.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 72
PDF Downloads: 38