PARAGA-PARAGA SAJRONE CERBUNG SAWISE ANA SUMPAH ANGGITANE ESMIET : TINTINGAN PSIKOLOGI KEPRIBADIAN SKINNER

Authors

  • FAJAR HARDIANA CANDRA D

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

Fajar Hardiana Candra Dewi

Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA (fajarhardiana_candradewi@yahoo.com)

 

Abstrak

Cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet mujudake crita kang narik kawigaten, mligine ing babagan wewatakane paraga kang bisa njalari anane solah bawa. Solah bawane paraga bisa ndadekake anane prakara sajrone uripe. Cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet iki nggambarake bedane wewatakane paraga siji lan liyane, saka anane wewatakan kang beda iku bisa ndadekake solah bawa kang asipat positip lan negatip gumantung saka panguwat lingkungane. Mula saka kuwi, cerbung kasebut ditintingi nggunakake psikologi sastra, mligine psikologi kepribadian Skinner.

Gegayutan karo andharan mau, underane panliten sajroning panliten iki yaiku: (1) kepriye wewatakane paraga-paraga sajrone cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet? lan (2) kepriye masalah kajiwan paraga-paraga sajrone cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet miturut teori psikologi kepribadiane Skinner? Panliten iki nduweni ancas, yaiku: (1) ngandharake wewatakane paraga-paraga sajrone cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet lan (2) ngandharake masalah kajiwan paraga-paraga sajrone cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet miturut teori psikologi kepribadiane Skinner.

Panliten iki kagolong panliten kualitatif kanthi nggunakake metode deskriptif. Sumber data panliten iki yaiku sawijining cerbung, kanthi irah-irahan Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet kang kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat no. 24 sasi Juni 1997 nganti no. 45 sasi Nopember taun 1997. Data awujud kutipan-kutipan saka cerbung kang arupa tembung, ukara, wacana kang ngemot katrangan-katrangan kang gegayutan karo wewatakane paraga lan ngenani problem psikologis paraga-paragan sajrone cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet. Tata cara panglumpuking data kang digunakake ing panliten iki yaiku teknik pustaka. Tata cara pangolahing data ing panliten iki yaiku nggunakake teknik deskriptif-analisis.

Andharan saka asiling panliten, bisa didudut kang kapisan yaiku wewatakane saben paraga kang kawawas saka solah bawane paraga kang nuduhake ala lan apik. Solah bawa kang ala disengkuyung kanthi negatip lan solah bawa kang apik disengkuyung kanthi positip, gumantung saka lingkungan panguwate. Kapindho yaiku masalah kajiwan kang ana sajrone uripe paraga. Masalah iku bisa kawujud saka solah bawane paraga. Solah bawane paraga ing cerbung Sawise Ana Sumpah bisa kawawas saka sangang aspek yaiku pranatan solah bawa, kamardikan, kamulyan, ukuman, alternatif saka ukuman, pambiji, evolusi kabudayan, rancangan kabudayan, lan ilange konsep manungsa otonom. Pranatan solah bawa ora bisa kawujud yen ana solah bawa kang arupa kebebasan lan kamulyan.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-07-05

How to Cite

HARDIANA CANDRA D, F. (2013). PARAGA-PARAGA SAJRONE CERBUNG SAWISE ANA SUMPAH ANGGITANE ESMIET : TINTINGAN PSIKOLOGI KEPRIBADIAN SKINNER. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 90 , PDF Downloads: 46