PANGARUH LEGENDHA RANU GRATI TUMRAP MASYARAKAT DESA RANUKLINDUNGAN KECAMATAN GRATI KABUPATEN PASURUAN

Authors

  • SURYO AJI PRIYANDOKO
  • SURANA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v11n2.p%25p

Abstract

Folklor minangka perangan kabudayan kolektif kang sumebar lan diwarisake kanthi cara turun-tumurun utawa tradhisional. Folklor diwarisake kanthi cara kang maneka warna, bisa awujud lesan, uga bisa awujud tulisan. Salah sijine folklor lesan yaiku Pangaruh Legendha Ranu Grati tumrap Masyarakat Desa Ranuklindungan Kecamatan Grati Kabupaten Pasuruan. Legendha iki dijlentrehake nganggo titik panliten folklor. Ranu Grati minangka asil saka legendha kasebut yaiku sawijine ranu utawa danau kang isih dipercaya dening masyarakat minangka panggonan kang kramat.

Masalah kang dipilih ing panliten iki yaiku ing antarane, kepriye wujude Legendha Ranu Grati, kaya apa pangaruhe Legendha Ranu Grati tumrap masyarakat Desa Ranuklindungan, kepriye fungsi sosial Legendha Ranu Grati, lan kaya apa kalungguhane Legendha Ranu Grati ing masyarakat Desa Ranuklindungan. Dene tujuwan saka panliten iki yaiku ngandharake kepriye wujude Legendha Ranu Grati, ngandharake apa wae pangaruhe Legendha Ranu Grati tumrap masyarakat Desa Ranuklindungan, nemokake lan ngandharake kepriye fungsi sosiale Legendha Ranu Grati, lan ngandharake kepriye kalungguhane Legendha Ranu Grati ing masyarakat Desa Ranuklindungan. Kaidah saka panliten iki yaiku kanggo nambahi kawruh masyarakat ngenani Pangaruh Legendha Ranu Grati tumrap Masyarakat Desa Ranuklindungan Kecamatan Grati Kabupaten Pasuruan.

Kanggo ngonceki masalah kang dadi punjere panliten, ing kene panliti nggunakake konsep lan analisis kang diungkapake dening James Danandjaja. Ngandharake ngenani makna nggunakake analisise Sudikan. Dene kanggo njlentrehake ngenani fungsi, ing kene panliti nggunakake konsep saka pamawase Allan Dundes.

Asil saka panliten iki yaiku crita legendhane kang bisa dadi pasinaone para kadang taruna. Pangaruhe legendha iki tumrap masyarakat yaiku anane tradhisi Distrikan lan kapercayane masyarakat marang Ranu Grati. Fungsi saka legendha Ranu Grati yaiku kanggo sarana panggulawenthah tumrap para taruna, minangka kritik sosial, minangka sarana panglipur, minangka sarana ngupadi katentreman batin, sarana ndedonga lan ngibadah, uga minangka sarana kanggo nguri-uri kabudayan. Dene kalungguhane Legendha Ranu Grati yaiku ana masyarakat kang percaya, masyarakat kang ora percaya, lan masyarakat kang ora nggatekake.

Tembung Wigati: Pangaruh, Legendha, Folklor

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-01-27

How to Cite

AJI PRIYANDOKO, S., & SURANA. (2020). PANGARUH LEGENDHA RANU GRATI TUMRAP MASYARAKAT DESA RANUKLINDUNGAN KECAMATAN GRATI KABUPATEN PASURUAN. Jurnal Online Baradha, 11(2). https://doi.org/10.26740/job.v11n2.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 52 , PDF Downloads: 36