RESISTENSI TUMRAP KOLONIALISME SAJRONE CERBUNG RACUN-RACUN ING PURI BULELENG ANGGITANE SUROSO BC.Hk. : TINTINGAN POSTKOLONIAL
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
Ricca Dinariyanti
Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA (riccadinariyanti@yahoo.com)
Abstrak
Cerbung Racun-Racun ing Puri Buleleng kang sabanjure dicekak RRPB ngemot crita ngenani masyarakat Buleleng ing pulo Bali kang nyoba ngrebut tlatah wutah getihe saka tangane serdhadhu Walanda kang nindakake kolonialisme. Tumindake masyarakat Buleleng nalika ngadhepi kolonialisme dadi sawijine bab kang patut kanggo ditliti. Saliyane iku uga ana tumindak kiyanat kang dilakoni dening masyarakat Buleleng ing pulo Bali. Adhedhasar andharan kasebut, panliten iki nggunakake tintingan postkolonial kang aweh kawigaten marang pihak kajajah.
Ing panliten iki ana telung underan panliten yaiku: (1) kepriye wewatakane paraga kang ana ing cerbung RRPB? (2) kepriye wujud kolonialisme kang ana ing cerbung RRPB? (3) kepriye resistensi kang ditindakake masyarakat Buleleng ing pulo Bali tumrap anane kolonialisme kang ana ing cerbung RRPB? Ancas saka panliten iki yaiku: (1) ngandharake wewatakane paraga kang ana ing cerbung RRPB, (2) ngandharake wujud kolonialisme kang ana ing cerbung RRPB, (3) ngandharake resistensi kang ditindakake masyarakat Buleleng ing pulo Bali tumrap anane kolonialisme kang ana ing cerbung RRPB. Panliten iki diajab bisa menehi paedah yaiku: (1) paedah teoretis bisa menehi panyumbang tumrap pangrembakane telaah karya sastra, mligine tintingan postkolonial, sarta (2) paedah praktis tumrap pamulangan lan tumrap bebrayan.
Metode kang digunakake sajrone panliten yaiku metode dheskriptif kualitatif. Sumber data panliten iki arupa cerbung Racun-Racun ing Puri Buleleng anggitane Suroso Bc. Hk. Data panliten arupa tetembungan lan ukara sajrone cerbung RRPB kang ngandhut wewatakane paraga, kolonialisme, lan resistensi. Tata cara ngumpulake data ing panliten iki kanthi teknik kapustakan. Tata cara ngolah data nggunakake metode analisis dheskriptif.
Asil saka panliten nuduhake wewatakane paraga-paraga kang ana ing cerbung RRPB nindakake kolonialisme lan resistensi. Paraga-paraga kang nindakake kolonialistik yaiku Anna, Kolonel Karel, Jendral Van Swieten, Sersan Jacob, lan Wayan Tarma, dene paraga-paraga kang nindakake resistensi yaiku Putu Yoga, I Gde Wijaya, Ida Bagus Baradha, lan Made Ardhana. Asil panliten sabanjure yaiku kolonialisme kang dumadi ing cerbung RRPB kalebu kolonialisme modern, amarga kolonialisme kang dumadi ing pulo Bali mligine ing tlatah Buleleng kasebut dumadi watara abad 18. Kolonialisme modern ing kene luwih ing bidhang politik amarga Walanda kepengin rakyat Bali ngakoni kedaulatane Walanda ing Pulo Bali. Kolonialisme kasebut ditindakake kanthi rong wujud yaiku kolonialisme kang tujuwane nguwasani wilayahe kaum kang dijajah lan kolonialisme kang tujuwane nguwasani pamikirane kaum kang dijajah. Asil panliten kang pungkasan yaiku resistensi kang ditindakake masyarakat Buleleng ing pulo Bali kalebu jinise resistensi radikal. Resistensi radikal kasebut ana telu yaiku perang puputan, ngrancang strategi perang, sarta tumindak lan omongan frontal.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

