TRADHISI ING PASAREAN SUNAN TAWANG ALUN ING DESA BALUN KECAMATAN TURI KABUPATEN LAMONGAN

  • MALA EISIA AGWI
  • YOHAN SUSILO

Abstract

ABSTRAK

TRADHISI ING PASAREAN SUNAN TAWANG ALUN INGDESA BALUN KECAMATAN TURI KABUPATEN LAMONGAN

(Tintingan Folklor)

Nama : Mala Eisia Agwi

NIM : 15020114085

Jurusan : S-1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas : Fakultas Bahasa dan Seni

Nama Lembaga : Universitas Negeri Surabaya

Pembimbing : Yohan Susilo, S.Pd, M.Pd,.

Tahun : 2020

Maneka werna tradhisi kang urip lan ngrembaka ing Desa Balun. Tradhisi-tradhisi kasebut tuwuh amarga anane legendha ngenani Sunan Tawang Alun sawijine lakon kang dikurmati dening wong Balun. Tradhisi kang dumadi amarga anane pangaribawa saka sawijine legendha iki kalebu panliten folklor setengah lesan.Kaya mangkana diantukunderan panliten iki: 1) Kepriye mulabukane legendha Sunan Tawang Alun; 2) Tradhisi lan kapitayan rakyat kang ngrembaka; 3) Kepriye tata laku lan makna tata laku; 4) Kepriye ubarampe lan makna ubarampe; 5) Piguna TPSTAtumrap bebrayan panyengkuyunge.

Ancas saka anane panliten iki yaiku njlentrehake mulabukane legendha Sunan Tawang Alun, njlentrehake TPSTAlan kapitayanrakyat, tata laku lan maknane, ubarampe lan maknane, lan piguna TPSTA tumrap bebrayan panyengkuyunge. Paedah saka anane panliten iki yaiku kanggo menehi informasi ngenani sejarah Sunan Tawang Alun, tradhisi sarta tata laku lan ubarampene, kapitayan rakyat kang ngrembaka ing Balun lan supaya panliten iki bisa dadi referensi sarta dadi motivasi sajrone nganakake panliten folklor setengah lesan.

Guna ngrembug babagan kang dadi punjer nggunakake konsep ing antarane, konseplegendha miturut Danandjaja (2007), tradhisi migunakake Redfield kang dikutip dening Bambang Pranowo(1998:3),konsep kapitayan rakyat miturut Koentjaraningrat (sajrone Danandjaja, 1991:154),makna migunakake teori semiotik saka Pierce (sajrone Luxemburg, 1992:45-46),konsepfungsi utawa piguna tradhisi nggunakake panemune William R. Bascom (sajrone Danandjaja, 2007).

Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku migunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Metodhe iki ngasilake dhata arupa tetembungan kang tinulis lan lesan saka informan. Pangumpulan dhata saka panliten iki kanthi cara wawancara lan dhokumentasi.

Asil saka panliten iki nuduhake dene pangrembakane legendha Sunan Tawang Alun kasebut nuwuhake tradhisi. Kepercayan masyarakat anane karomah Sunan Tawang Alun nganti seprene mula ditumindakake sawijine tradhisi kang diarani Ziarah Jumuwah Kliwon,Nikah Turun, Tundhun, lan Napak Tilas Makam Kuno. Saben tradhisi nduweni ubarampe lan tata laku, saben ubarampe lan tata laku kasebut ngandhut makna kang beda-beda. Nganakake tradhisi-tradhisi kasebut nduweni piguna tartamtu tumrap masyarakat panyengkuyunge, mula saka iku tradhisi-tradhisi kasebut tansah lumaku.

Tembung Wigati: Tradhisi, Pasarean, Sunan Tawang Alun






Published
2020-01-28
How to Cite
EISIA AGWI, M., & SUSILO, Y. (2020). TRADHISI ING PASAREAN SUNAN TAWANG ALUN ING DESA BALUN KECAMATAN TURI KABUPATEN LAMONGAN. JOB (Jurnal Online Baradha), 11(2). https://doi.org/10.26740/job.v11n2.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 119
PDF Downloads: 106