SESAMBUNGANE LEGENDHA DESA WOTANMAS JEDONG LAN CANDHI JEDONG ING KECAMATAN NGORO KABUPATEN MOJOKERTO
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
DENI WINDYARSIH
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
Abstrak
Legendha Desa Wotanmas Jedong minangka sawijining wujud folklor lisan kang nduweni sesambungan karo Candhi Jedong, manut legendhane Desa Wotanmas Jedong ora dumadakan dijenengi kaya mangkono, nanging nduweni sejarah sing dawa. Masyarakat Desa Wotanmas Jedong percaya yen desa kuwi umure wis luwih saka 1000 tahun. Ana ing cathetan sejarah uga nyebutake yen desa kuwi wis ana wiwit jaman Mataram kuna adhedhasar prasasti lan katrangan ing Kitab Negarakertagama kanthi jeneng desa Wwatan sing kalebu Desa Perdikan.
Underane panliten iki yaiku:1) Kepriye critane Legendha Desa Wotanmas Jedong lan sesambungane karo Candhi Jedong?; 2) Nilai Budaya apa kang kinandhut ing Legendha Desa Wotanmas Jedong sing nduweni sesambungan karo Candhi Jedong ?; 3) Kepriye pigunane Legendha Desa Wotanmas Jedong sing nduweni sesambungan karo Candhi Jedong?; 4) Kepriye pamawase masyarakat tumrap Legendha Desa Wotanmas Jedong kang nduweni sesambungan karo Candhi Jedong?. Dene tujuwan panliten yaiku:1) Njlentrehake kepriye critane Legendha Desa Wotanmas Jedong lan sesambungane karo Candhi Jedong; 2) Ngandharake nilai budaya kang kinandhut ing Legendha Desa Wotanmas Jedong sing nduweni sesambungan karo Candhi Jedong; 3) Ngandharake kepriye pigunane Legendha Desa Wotanmas Jedong kang nduweni sesambungan karo Candhi Jedong; 4) Ngandharake kepriye pamawase masyarakat tumrap Legendha Desa Wotanmas Jedong kang nduweni sesambungan karo Candhi Jedong.
Paedahe panliten yaiku: 1) Nambah kawruhe panliti ngenani legendhane sawijining panggonan sing ana gayutane karo sawijining candhi; 2)Pamarintah dhaerah ing babagan nglestarekake kabudayan dhaerah tumrap situs-situs peninggalan sejarah mligine situs candhi; 3) Nambah akehe kumpulaning crita legendha sing ana gayutane karo candhi-candhi; 4)Menehi kawruh marang bebrayan yen ing Desa Wotanmas Jedong ana objek wisata budaya yaiku candhi Jedong.
Kanggo ngonceki perkara kang dadi punjering panliten, digunakake pamawase Hutomo (1991:64) ngenani legendha, pamawase Alan Dundes(sajrone Sudikan,2001:109)ngenani piguna lan kanggo nemtokake nilai-nilai budaya sajrone crita nggunakake pamawase Djamaris (1993:2). Dene babagan kalungguhan nggunakake pamawase Endraswara (2008:126).
Metodhe kang digunakake ing panliten iki yaiku nggunakake metodhe panliten deskriptif kualitatif. Pangumpulane dhata panliten ditindakake kanthi cara observasi, wawanrembug, nyathet, ngrekam, dhokumentasi lan transkripsi. Analisis data ditindakake kanthi cara ngrekonstruksi asile wawanrembug ngenani crita sesambungane Legendha Desa Wotanmas Jedong lan Candhi Jedong uga disertakake dhata saka sejarah kang bisa nyengkuyung asiling panliten banjur menehi interpretasi ing saben wujud dhata kasebut.
Asile panliten iki yaiku ana sesambungan antarane legendha desa lan candhine. Saliyane uga gegambaran bebrayan Desa Wotanmas Jedong nduweni gegayutan karo crita kasebut ing babagan pendhudhuk, pendhidhikan, pakaryan lan agamane. Nilai budaya kang kinandhut yaiku nilai budaya kang ana gegayutane manungsa marang alam donya, nilai budaya kang ana gegayutane manungsa marang manungsa minangka makhluk sosial, lan nilai budaya kang ana gegayutane manungsa marang awake dhewe.
Babagan pigunane legendha candhi Jedong yaiku kanggo sarana panggulawentah para mudha, aweh sangsi sosial supaya pawongan bisa tumindak becik, lan ningkatake solidaritas sawijining klompok. Pungkasan yaiku ngenani pamawase masyarakat tumrap Legendha Desa Wotanmas Jedong kang ana gayutane karo Candhi Jedong yaiku anane masyarakat sing nganggep lan percaya anane crita kasebut watara 43,33%, masyarakat kang nganggep nanging ora percaya anane crita kasebut watara 33,33% lan masyarakat kang ora preduli anane crita kasebut watara 23,33 %.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

