PANGEMBANGAN MODHUL DHIGITAL TUMRAP ASIL PASINAON MACA TEKS AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 5 SIDOARJO
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
RIZKY DAMAYANTI
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
Abstrak
Pangrembakan babagan Teknologi Informasi lan Komunikasi (TIK) kang saya ngrembaka nyebabake saben wong mligine guru kudu bisa nggunakake teknologi kanggo nyelarasake teknologi karo proses pasinaone siswa. Teknologi internet uga bisa ditrapake ing sakabehing mata pelajaran, kalebu ing pasinaon basa Jawa. Pasinaon maca aksara Jawa kang nggunakake teknologi komputer dirasa bakal menehi suwasana pasinaon kang beda. Pasinaon maca aksara Jawa kang nggunakake komputer lan internet luwih dikenal minangka pasinaon abasis internet, kagolong wujud saka pasinaon e-learning.
Panliten iki kalebu panliten pangembangan, kang ngudari uderaning panliten, yaiku (1) Kepriye proses pangembangan modhul dhigital?; (2) Kepriye validitas modhul dhigital kang dikembangake?; (3) Kepriye respon siswa tumrap modhul dhigital kang digunakake?; lan (4) Kepriye efektivitas modhul dhigital tumrap undhak-undhakan asil pasinaon siswa?. Tujuwan panliten kanggo ngandharake (1) Proses pangembangan modhul dhigital, (2) Validitas modhul dhigital kang dikembangake, (3) Respon siswa tumrap modhul dhigital kang digunakake, lan (4) Efektivitas modhul dhigital tumrap undhak-undhakan asil pasinaon siswa. Hipotesis panliten yaiku Ho = pangembangan modhul dhigital ora efektif kanggo ngundhakake asil pasinaon maca teks aksara Jawa, lan Ha = pangembangan modhul dhigital efektif kanggo ngundhakake asil pasinaon maca teks aksara Jawa.
Panliten iki uga nduweni paedah yaiku, (1) kanggo siswa supaya bisa menehi motivasi lan bisa ningkatake katrampilan maca aksara Jawa, sarta uga bisa ningkatake asil pasinaon, (2) kanggo guru supaya bisa menehi alternatif medhia piwulangan basa Jawa kang luwih modern, lan (3) kanggo sekolah supaya bisa menehi tuladha pangembangan medhia piwulangan kang inovatif kanggo pasinaon basa Jawa mligine. Gegayutan karo tintingan kasebut, kaandharake konsep lan teori yaiku (1) panliten sadurunge kang saemper, (2) konsep katrampilan maca, (3) konsep maca cepet, (4) aksara Jawa, (5) konsep modhul dhigital, lan (6) pasinaon abasis web.
Panliten kang ditindakake iki kalebu panliten lan pangembangan (Research and Development). Model pangembangan kang digunakake yaiku model pangembangan 4D (four-D model) saka model pangembangan Thiagarajan kang kaperang saka patang tahapan yaiku tahap pandhefinisian (define), tahap parancangan (design), tahap pangembangan (develop) lan tahap panyebaran (disseminate). Proses pangembangan modhul ditindakake kanthi cara nindakake tahap-tahap pangembangan. Sajrone tahap iki kayata, validasi biji saka guru, dosen, lan ahli medhia, analisis asil validasi lan uji coba wiwitan sarta uji coba lapangan marang siswa.
Panliten pangembangan iki uga nggunakake model eksperimen kanggo nguji modhul dhigital. Desain eksperimen kang digunakake yaiku Nonequivalent Control Group Design. Populasi kang digunakake yaiku siswa kelas VIII. Adhedhasar populasi kasebut sampel kang digunakake yaiku siswa kelas VIII-1 minangka kelas uji instrumen, siswa kelas VIII-7 minangka kelas kontrol, lan siswa kelas VIII-8 minangka kelas eksperimen.
Asil analisis panliten iki tumrap proses pangembangan modhul dhigital bisa dideleng saka asil analisis saben tahapan yaiku analisis tahap pandhefinisian, analisis tahap parencanaan, analisis tahap pangembangan lan analisis tahap panyebaran. Saka asil pangembangan modhul kasebut ngasilake asil validitas modhul kang kagolong apik. Biji persentase saka validator kasebut kayata 89% saka validator ahli materi 1 (dosen), 96% saka validator ahli materi 2 (guru) lan 79% saka validator ahli medhia.
Respon siswa tumrap modhul dhigital iki bisa menehi daya pangaribawa positif marang siswa. Babagan kasebut bisa dituduhake saka rata-rata asil persentase respon siswa tumrap modhul dhigital yaiku biji kang diolehake saka asil respon siswa kasebut nuduhake yen 96,8% siswa rumangsa kena daya pangaribawa kang positif saka proses pasinaon nggunakake modhul dhigital. Saliyane iku, persentase respon siswa tumrap undhak-undhakan katrampilan maca nuduhake 81,2% siswa ana undhak-undhakan.
Kaefektivane saka modhul kang dikembangake yen dibiji saka asil pasinaon siswa. Asil efektivitas pasinaon kelas kontrol ngolehake biji t itung kelas kontrol = 1,87 > t tabel = 1,697 lan bisa didudut yen Ho ditolak lan Ha ditampa tegese asil pre test lan post test kelas kontrol kagolong signifikan. Saliyane iku asil efektivitas pasinaon kelas eksperimen ngolehake biji t itung kelas eksperimen = 6,67 > t tabel = 1,697 lan bisa didudut yen Ho ditolak lan Ha ditampa tegese asil pre test lan post test kelas eskperimen kagolong signifikan. Saka asil efektivitas kelas kontrol lan kelas eksperimen kasebut mula bisa didudut yen efektivitas asil pasinaon siswa kelas VIII ngolehake biji t itung = 3,76 > t tabel yaiku 1,671, saengga tegese asil pasinaon ing kelas eksperimen lan kelas kontrol kagolong signifikan.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section
Abstract views: 88
,
PDF Downloads: 40











