KUMPULAN NASKAH DRAMA GAPIT ANGGITANE BAMBANG WIDOYO SP. (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
TIA LUSIANA SAPUTRA
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
Abstrak
Bambang Widoyo SP. minangka salah sawijine pengarang uga dramawan kang aktip ing jagade kasusatran Jawa. Asil karyane kang arupa naskah drama kerep digelar dening mahasiswa, kayata “Leng”, “Tuk”, “Rol”, lan uga ana naskah drama kang didadekake buku yaiku Kumpulan Naskah Drama Gapit (KNDG). Kumpulan naskah drama kasebut narik kawigaten awit ngrembug prakara-prakara sosial kang ana gegayutane karo kanyatan ing masyarakat. KNDG kasebut uga bakal dikaji kanthi tintingan sosiologi sastra kang uga disengkuyung tintingan struktural.
Saka maneka warna prakara sosial ing KNDG iku, ing panliten iki kababar underane panliten, yaiku (1) Kepriye strukture KNDG anggitane Bambang Widoyo SP ?, (2) Apa wae prakara sosial kang digambarake dening pangripta sajrone KNDG anggitane Bambang Widoyo SP?, (3) Kepriye sesambungane prakara sosial sajrone KNDG anggitane Bambang Widoyo SP karo prakara sosial sajrone panguripan kang nyata?. Dene tujuwan panliten, yaiku (1) njlentrehake struktur KNDG anggitane Bambang Widoyo SP, (2) njlentrehake prakara sosial kang digambarake dening pangripta sajrone KNDG anggitane Bambang Widoyo SP, (3) njlentrehake sesambungane prakara sosial sajrone KNDG anggitane Bambang Widoyo SP karo prakara sosial sajrone panguripan kang nyata.
Panliten iki diajab bisa asung paedah, yaiku (1) tumrap panliti, panliten iki mujudake sarana kanggo ngecakake kawruh lan katrampilan kang wis ditampa sasuwene kuliyah, (2) tumrap studi sastra, kanggo menehi sumbangan tumrap pangrembakane telaah karya sastra kang nggunakake tintingan sosiologi sastra mligine kanggo nintingi karya sastra kang awujud drama, (3) tumrap pamaca, panliten iki bisa dadi sarana nggampangake anggone maca lan menehi pambiji marang karya sastra Jawa modern, mligine KNDG anggitane Bambang Widoyo SP. Panliten iki katintingan kanthi sosiologi sastra. Gegayutan karo tintingan kasebut, kaandharake konsep lan teori yaiku (1) drama, (2) struktur, (3) sastra lan masyarakat, (4) sosiologi sastra, lan (5) prakara sosial
Panliten iki kalebu panliten dheskriptif kualitatif kang gegayutan karo tintingan sosiologi sastra. Sumber dhata ing panliten iki yaiku KNDG kang diterbitake taun 1998 dening yayasan penerbitan Bentang Budaya. Dhata ing panliten iki yaiku tetembungan, ukara lan wacana kang ana gegayutane karo prakara kang arep ditliti. Instrumen utawa alat pangumpulane dhata kang utama yaiku panliti dhewe. Tata cara ngumpulake dhata sajrone panliten iki nggunakake metode pustaka lan tata cara nganalisis dhatane nggunakake metode hermeneutik.
Asile panliten iki yaiku ing babagan struktur mung diwatesi tema, paraga, lan alur. Tema saka patang naskah drama sajrone KNDG yaiku tema sosial, kayata kang ana ing drama “Rol” kanthi gegayutan karo lelakone paraga wayang wong, ing drama “Leng” gegayutan karo wong cilik kang dadi kurban modernisasi, ing drama “Tuk” gegayutan karo anane kabar panggusuran, lan drama “Dom” gegayutan karo papan kang dienggo pambuwangan limbah pabrik. Gegambarane paraga saka patang naskah drama sajrone KNDG uga beda-beda, nanging isih nggambarake kahanan urip kang meh padha. Kajaba saka iku, alur crita kang digunakake yaiku alur maju kanthi diperang dadi limang tahap yaiku eksposisi, kompikasi, klimaks, resolusi, lan konklusi.
Sajrone KNDG uga ditemokake prakara-prakara sosial kang tuwuh. Prakara sosial kasebut diperang miturut sumbere, yaiku faktor ekonomi, faktor kabudayan, faktor psikologis, lan faktor biologis. Prakara-prakara kang ana sajrone KNDG, sejatine uga kerep kedaden ing masyarakat. Bab kasebut kabukten yen prakara sosial kang ana sajrone KNDG kayata kemlaratan, pengangguran, disorganisasi kulawarga, lan liya-liyane uga akeh dumadi sajrone masyarakat jaman saiki.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

