Tradhisi Nyadran Makam Mbah Sentono lan Owah-Owahane ing Desa Ngrendeng, Gondang, Tulungagung

Authors

  • RIZCHA DWI PUSPITANINGRUM
  • SURANA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v11n2.p%25p

Abstract

Tradhisi Nyadran makam Mbah Sentono salah sawijine folklor setengah lisan kang ana ing Desa Ngrendeng, Kec. Gondang, Kab. Tulungagung. TNMS iki beda karo tradhisi nyadran umume, yen umume tradhisi nyadran ditindakake saben setaun sepisan, nanging TNMS iki ditindakake ing saben wektu tartamtu. Tradhisi iki ditindakake minangka wujud ngungkapake rasa syukur warga desa Ngrendeng marang Gusti Kang Maha Kuwasa lumantar Mbah Sentono.

Underan panliten ing panliten iki, yaiku: 1)Kepriye mula bukane TNMS? 2)Kepriye tatalakune TNMS kang ditindakake ing makam lan omah? 3)Apa wae ubarampe TNMS kang ditindakake ing makam lan omah? 4)Kepriye makna sajrone TNMS? 5)Apa piguna kang kinandhut sajrone TNMS?, 6) Kepriye owah-owahan kang ana ing sajroneTNMS? Ancase panliten iki: 1) Ngandharake ngenani mula bukane TNMS, 2) Ngandharake tatalaku TNMS kang ditindakake ing makam omah, 3) Ngandharake ubarampene TNMS kang ditindakake ing makam lan omah, 4)Ngandharake makna sajrone TNMS, 5) pigunane TNMS, 6) Ngandharake owah-owahan kang ana ing sajrone TNMS.

Paedah kang bisa dijupuk saka panilten iki yaiku nambahi pamawas lan kawruh ngenani tradhisi nyadran, nglestarekake kabudayan Jawa, kanggo dhokumentasi, mligine kanggo masyarakat desa Ngrendeng ngenani kabudayan kasebut supaya tansah dijaga lan diuri-uri, owah-owahan cakcakan diandharake amarga nduweni paedah supaya mangerteni pambedane antara jaman biyen lan saiki.

Panliten iki kalebu panliten budaya kang nggunakake metode deskriptif komparatif yaiku mbandingake tradhisi jaman biyen karo saiki kanthi cara nyathet sakabehe samubarang kang ditliti lumantar wawancara, video, utawa dhokumentasi nganti ngasilake dhata panliten.Dhata-dhata kang diasilake arupa dhata lisan lan tulisan kang diolehake saka asil kagiyatan observasi, wawancara, lan dhokumentasi.

Asil saka panliten iki nuduhake yen TNMS iki diwiwiti nalika ana pawongan kang dadi cikal bakal anane desa Ngrendeng yaiku Mbah Sentono Sari. TNMS ing desa Ngrendeng ngalami owah-owahan panggonan, yaiku ana kang nindakake ing makam lan ana kang nindakake omah.TNMS ing makam diwiwti kanthi cara nyepakake ubarampe kang dibutuhake, banjur nyekar, lan dipungkasi kenduren. Dene TNMS ing omah diwiwiti nyepakake ubarampe kenduren ing omah, dipungkasi nyekar ing makame Mbah Sentono. Ubarampe kang dibutuhake yaiku ambeng sekul suci ulam sari, pisang raja, jenang, mule metri, buceng kuwat, kembang setaman, cok bakal, dupa lan damen. TNMS iki ngalami owah-owahan amarga anane faktor agama kang mlebu ing desa Ngrendeng. Pigunane TNMS iki yaiku 1) minangka sistem proyeksi, 2) minangka sarana pengesahe budaya, 3) minangka sarana pendhidhikan, lan 4) minangka pameksa lan ngawasi supaya norma-norma masyarakat bisa diugemi kanthi kolektif. Dene fungsi panyengkuyunge ana loro, yaiku 5) nilai religi, 6) nilai ekonomi, 7) upaya kanggo nglestarekake tradhisi

Tembung wigati: Tradhisi nyadran, budaya, owah-owahan.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-02-03

How to Cite

DWI PUSPITANINGRUM, R., & SURANA. (2020). Tradhisi Nyadran Makam Mbah Sentono lan Owah-Owahane ing Desa Ngrendeng, Gondang, Tulungagung. Jurnal Online Baradha, 11(2). https://doi.org/10.26740/job.v11n2.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 79 , PDF Downloads: 67