Variasi Basa sajrone Parikan Akun Instagram @sempak.suwek

Authors

  • ERAS ANISA DINA
  • MURDIYANTO

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v11n2.p%25p

Abstract

Abstrak

Variasi basa sawijining saka maneka warna basa sing tuwuh ana ing masarakat. Basa ana sing awujud lisan lan tulis. Panliten iki yaiku ngrembug ngenani variasi basa sajrone parikan akun instagram @sempak.suwek sing arupa basa tulis ing medhia sosial. Panliten iki ngrembug ngenani (1)jinise variasi basa sajrone parikan akun instagram @sempak.suwek, (2) kepriye perangan interfernsi sajrone parikan akun instagram @sempak.suwek, (3) kepriye perangan integrasi sajrone prikan akun isntagram @sempak.suwek. Ancas saka panliten iki yaiku kanggo mangerteni (1) jinise ragam basa sing ana ing sajrone parikan akun instagram @sempak.suwek, (2) perangan interfrensi sajrone parikan akun instagram @sempak.suwek, (3) perangan integrasi sajrone parikan akun instagram @sempak.suwek.

Panliten iki kalebu sosiolinguistik amarga ngrembug basa sing ana ing sajrone instagram. Teori sing digunakake ing panliten iki yaiku teori sosiolinguisik saka Chaer. Methodhene yaiku metodhe kualitatif. Dhata panliten iki njupuk saka kiriman gambar sajrone parikan akun instagram @sempak.suwek. sumber dhata panliten iki yaiku awujud tembung lan tetembungan sajrone kiriman gambar saka akun instagram @sempak.suwek.

Adhedhasar andharan asil panlten variasi basa sajrone prikan akun instagram @sempak suwek bisa dijupuk dudutan, (1) variasi basa sing dumadi adhedasar panuture yaiku ana loro yaiku idiolek lan dialek. (2) perangan interferensi ana papat yaiku interferensi fonologis, morfologis, sintaksis, lan semantis. (3) perangan integrasi ana siji yaiku integrasi visual.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-02-25

How to Cite

ANISA DINA, E., & MURDIYANTO. (2020). Variasi Basa sajrone Parikan Akun Instagram @sempak.suwek. Jurnal Online Baradha, 11(2). https://doi.org/10.26740/job.v11n2.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 56 , PDF Downloads: 43