TEMBUNG SESULIH ING BASA JAWA DHIALEG SURABAYA SUB-DHIALEG MOJOKERTO
Abstract
TEMBUNG SESULIH ING BASA JAWA DHIALEG SURABAYA
SUB-DHIALEG MOJOKERTO
NOVIA RAKHMATIN SETYORINI
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
Noviaovin@Gmail.com
Abstrak
Panliten ngenani tembung sesulih ing basa Jawa isih arang kang nliti, mligine tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya. Panliten sadurunge kang nliti tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya mung nliti wujud lan gunane. Saka asil panliten iku kang narik kawigatene panliti supaya nliti tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya luwih jero kanthi nggunakake teori kang beda karo panliten sadurunge. Dhaerah kang digunakake kanggo panliten iki, yaiku dhaerah Mojokerto. Dhaerah Mojokerto iki dipilih amarga leksikon-leksikon mligine tembung sesulihe isih durung ditliti.
Undere panliten iki, yaiku (1) kepriye wujude tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto; (2) apa wae jinise guna kang bisa diisi tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto; lan (3) apa wae kalungguhan kang bisa dinggoni tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto. Adhedhasar undere panliten iki, mula kang dadi tujuwane panliten iki, yaiku (1) njlentrehake wujude tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto; (2) njlentrehake jinise tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto; lan (3) njlentrehake kalungguhan kang bisa dinggoni tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto.
Landhesan teori kang digunakake sajrone panliten iki, yaiku teori transformasi generatif. Teori transformasi generatif iki kadadeyan saka rong perangan, yaiku asumsi teori transformasi generatif, lan tata makaryane teori transformasi generatif. Tata makaryane teori transformasi generatif iki kadadeyan saka telung perangan, yaiku wujud, guna, lan kalungguhan.
Panliten ngenani tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto iki kalebu panliten linguistik sinkronis. Dhata panliten iki, yaiku tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto. Dene sumber dhatane, yaiku ukara kang nggunakake tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto ing Desa Pagerluyung, Kec. Gedeg, Kab. Mojokerto. Dhata iki dikumpulake nggunakake motodhe semak. Banjur dijlentrehake nggunakake metodhe dhistribusional utawa agih lan disuguhake nggunakake metodhe formal lan informal.
Wujude tembung sesulih iki kasil diperang dadi limang jinis, yaiku tembung sesulih purusa, panuduh, patanya, panyilah, lan sadhengah. Guna kang bisa diisi tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto iki, yaiku jejer, wasesa, lesan, panggenah, lan katrangan. Dene kalungguhan kang bisa dinggoni tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto, yaiku paraga, panandhang, panampa, kompanial, reseptif, paraga lan uga panandhang, papan, wektu, ukuran, asil, lan piranti. Saliyane bisa manggon ing argumen, tembung sesulih uga bisa manggon ing wasesa yaiku kahanan.
Tembung wigati: tembung sesulih, basa Jawa, dhialeg Surabaya, lan triaspek sintaktis
PDF Downloads: 37