Authors

  • ERLASARI SEPTIA GERBIANA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

DAYANE MEDIA AUDIOVISUAL SLIDE BERSUARA TUMRAP UNDHAKING KAWASISAN NGAPRESIASI CRITA RAKYAT SISWA KELAS VIII SMP N 4 NGAWI TAUN AJARAN 2012-2013

Erlasari Septia Gerbiana

Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA, (erla_gerbiana@yahoo.com)

Abstrak

Kawasisan nyemak diwulangake ing kelas VIII semester ganep. Standar Kompetensine yaiku memahami unsur intrinsik cerita fiksi. Kompetensi Dasare yaiku menjelaskan tema, penokohan, alur, latar, dan amanat yang ada di dalam cerita fiksi. Ing pasinaon iki nuduhake manawa bijine siswa SMP N 4 Ngawi isih kagolong endhek lan kurang saka KKM sing ditetepake dening sekolah, yaiku 75. Kahanan kang kaya mangkono dikuwatake saka asile pre-test sing nuduhake yen luwih saka 70% bijine siswa kurang saka KKM. Panaliten iki ditindakake amarga ing pasinaon ngapresiasi siswa mrelokake pemahaman kang luwih dhuwur tinimbang aspek liyane.

Underan saka panaliten iki, yaiku  (1) Kepriye asiling pasinaon ngapresiasi crita rakyat kanthi nggunakake media slide bersuara tumrap siswa kelas VIII SMP N 4 Ngawi?; (2) Kepriye asiling pasinaon ngapresiasi crita rakyat tanpa nggunakake media slide bersuara tumrap siswa kelas VIII SMP N 4 Ngawi?; (3) Kepriye pengaruhe media slide bersuara tumrap undhaking kawasisan ngapresiasi crita rakyat siswa kelas VIII SMP N 4 Ngawi? Tujuwan saka panaliten iki, yaiku  (1) Nemokake lan ngandharake asiling piwulangan ngapresiasi crita rakyat kanthi nggunakake media slide bersuara tumrap  siswa kelas VIII SMP N 4 Ngawi; (2)Nemokake lan ngandharake asiling piwulangan ngapresiasi crita rakyat tanpa nggunakake media slide bersuara tumrap siswa kelas VIII SMP N 4 Ngawi; (3)Nemokake lan ngandharake dayane media slide bersuara tumrap undhaking kawasisan ngapresiasi crita rakyat siswa kelas VIII SMP N 4 Ngawi.

Panliten iki uga nuwuhake sawernaning paedah, yaiku (a) Kanggo Guru (1)Guru bisa nglakokake inovasi ing piwulangan basa Jawa, mligine ing piwulangan nyemak; (2) Guru nduweni gambaran anyar yen media slide bersuara bisa ngoptimalake pasinaon ing kelas amarga kahanan piwulangan sing nyenengake bisa njurung marang asil kang luwih becik; (3) Kanthi pangecakan media slide bersuara iki guru bisa meruhi kakurangan lan kaluwihaning guru kasebut nalika menehi materi marang muride; (4)Kanthi pangecakan media slide bersuara iki guru bisa meruhi kepriye carane supaya wigatine siswa iku bisa tuwuh marang pasinaon kasebut;  (5) Bisa ngundhakake kawruh lan kabisaning guru sajroning pasinaon ngenani basa Jawa. (b) Kanggo Siswa. (1) Bisa ngundhakake wigatine siswa marang pasinaon basa Jawa utawa nglatih konsentrasine siswa marang piwulangan nyemak; (2) Bisa ngundhakake motivasi marang pasinaon basa Jawa mligine piwulangan nyemak; (3)Nglatih daya pangeling–eling ing piwulangan nyemak; (4) Bisa nambah cepet pangertening siswa marang isining crita rakyat; (5) Menehi daya/pengaruh lan semangat tumraping siswa anggone ngundhakake prestasine ing piwulangan basa Jawa, mligine ngapresiasi crita rakyat. (c) Kanggo Panliti. (1) Panliti bisa ngembangake sawijining media pamulangan basa Jawa sing durung tau dienggo sadurunge; (2) Panliti bisa mangerteni dayane media kasebut marang pamulangan basa Jawa.(d) Kanggo Pamulangan Basa Jawa. (1) Kanthi anane panliten kang kaya mangkene pamulangan basa Jawa bisa luwih variatif; (2)Pamulangan basa Jawa dadi luwih migatekake.

Panaliten iki kalebu jinising panaliten kuantitatif eksperimental. Desain eksperimen sing digunakake ing panaliten iki yaiku Quasi Ekspetimental Design kanthi wujud nonequivalent control group design. Panaliten iki nggunakake telung kelas yaiku kelas VIII A (uji instrumen), kelas VIII D (kelas eksperimen), lan kelas VIII E (kelas kontrol). Teknik pangumpulane data nggunakake wawancara, tes lan dokumentasi. Instrumen panaliten nggunakake RPP, soal tes, lan angket. Kanggo nganalisis data nggunakake rumus t-tes signifikansi. Adhedhasar data kang wis diandharake ing pratelaning panaliten, mula dudutan panaliten iki, yaiku: (1) Asiling piwulangan siswa kelas kontrol utawa kelas kang ora nganggo (tanpa) nggunakake media audiovisual “slide bersuara” kagolong luwih endhek tinimbang kelas eksperimen utawa kelas sing nggunakake media audiovisual “slide bersuara”. Kahanan kasebut bisa katon saka t-tes signifikansi efektivitas media piwulangan ing uji coba 1 pre-test lan post-test yaiku thitung (kelas kontrol) = -6,24 dene ing uji coba 2 pre-test lan post-test thitung (kelas kontrol) = -2,59; (2)Asiling uji coba ing kelas eksperimen utawa kelas sing nggunakake media audiovisual “slide bersuara” uji coba 1 pre-test lan post-test thitung (kelas eksperimen) = 5,81 dene ing uji coba 2 pre-test lan post-test thitung (kelas eksperimen) = 5,59. Dudutan saka andharan iki, yaiku asil piwulangan ing uji coba 1 lan uji coba 2 kelas eksperimen luwih apik tinimbang kelas kontrol; (3) Media audiovisual “slide bersuara” nduweni daya kanggo ngundhakake kawasisan siswa ngapresiasi crita rakyat. Bab kuwi bisa kadeleng saka asiling t-signifikansi, yaiku saka biji t-tes signifikansi ing uji coba 1 titung=5,48 > ttabel (0,05db = 66 )= 1,669, dene ing panaliten 2 titung=5,64 > ttabel (0,05db = 66) = 1,669.

       Andharan ngenani ranah afektif sing nyakup perilaku berkarakter lan keterampilan sosial uga diandharake ing kene. Andharane nyakup kelas eksperimen lan kelas kontrol. Andharan iki digunakake kanggo mangerteni asil pasinaon sing awujud afektif. Sing pungkasan yaiku andharan ngenani data angket. Data angket iki mujudake data kanggo njangkepi asiling uji coba. Sajrone angket ana 10 pitakonan sing isine kanggo mengerteni respon siswa tumrap pangetrapane media audiovisual  slide bersuara  lan mangerteni efektivitas media audiovisual slide bersuara  ing piwulangan ngapresiasi crita rakyat.

Adhedhasar andharan saka efektivitas piwulangan, uji t-signifikansi, lan asil angket ing ndhuwur bisa didudut yen media audiovisual slide bersuara  iki nduweni daya tumrap piwulangan ngapresiasi crita rakyat kelas VIII SMPN 4 Ngawi.

 

Tembung wigati : kawasisan nyemak, uji coba, media audiovisual slide bersuara .

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-07-15

How to Cite

SEPTIA GERBIANA, E. (2013). Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 44 , PDF Downloads: 28