PEPRINCEN SEMANTIS TEMBUNG KRIYA KANG NDUWENI TEGES NGOMONG
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
DWI RESTININGTYAS ADI PUTRI
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
Abstrak
Saben tembung iku mesthi nduweni teges. Antarane tembung-tembung iku bisa nduweni sesambungane teges, nanging antarane tembung siji lan sijine iku tetep nduweni unsur kang beda. Mula anane set iku ana kanggo nggolongake tembung-tembung kang nduweni sesambungan teges. Saliyane iku makna saben tembung iku perlu dingerteni kanthi cetha jalaran tembung kriya iku ngisi sawijine panggonan ing ukara. Ngomong iku dhewe minangka tembung kriya kang bisa digoleki maknane. Tembung kriya nduweni guna kanggo ngisi sawijine wasesa ing ukara. Wasesa iku dhewe nduweni guna kanggo ngandharake argumene. Supaya ngerteni makna sajrone ukara iku, perlu anane peprincen semantis mligine ing teges ngomong, jalaran medharake tembung kang nduweni teges ngomong ing pacaturan utawa ing sawijine ukara iku kudu ngerti makna kang ana sajrone tembung iku dhewe. Mula peprincen semantis tembung kriya kang nduweni teges ngomong iku perlu ditliti supaya cetha makna sajrone tembung adhedhasar komponen maknane lan makna sajrone ukara adhedhasar struktur gramatikale.
Adhedhasar andharan mau, undere panliten iki yaiku kepriye peprincen semantise tembung kriya kang nduweni teges ngomong adhedhasar komponen maknane? Lan kepriye peprincen semantise tembung kriya kang nduweni teges ngomong adhedhasar struktur gramatikale? Adhedhasar underane panliten kasebut, ancase panliten iki yaiku bisa ngerteni peprincen semantise tembung kriya kang nduweni teges ngomong adhedhasar komponen maknane lan adhedhasar struktur gramatikale. Banjur paedah teoretise panliten iki yaiku migunani kanggo panyengkuyung ngrembakane ilmu semantik ngenani wilayahe teges kang wis ana sadurunge, dene paedah praktise yaiku kanggo para maos bisa ngerteni pambedane tembung siji lan sijine saka peprincen semantise iku, banjure dingerteni maknane tembung kriya kang nduweni teges ngomong. Maknane tembung-tembung sing nduweni teges ngomong iku mau diselarasake karo wujude tembung-tembung kang nduweni teges ngomong utawa struktur gramatikale.
Teori kang digunakake ing panliten iki yaiku jlentrehan komponen makna kanggo ngandharake maknane tembung kriya kang nduweni teges ngomong. Teori kasebut salaras karo andharane Wedhawati. Sawise dijlentrehake nganggo jlentrehan komponen makna, tembung kriya kang dibuktekake kanthi struktur gramatikale iku dijlentrehake nganggo jlentrehan struktur batin. Jlentrehan struktur batin iki diwedharake kalungguhane. Kalungguhane tembung sajrone ukara kasebut nggunakake andharane Sudaryanto kang disengkuyung lan dicethakake dening Verhaar lan Kridalaksana.
Panliten peprincen semantis tembung kriya kang nduweni teges ngomong iki sipate deskriptif analisis. Banjur tata cara ngumpulake dhata ing panliten iki yaiku dhata kang arupa tembung nggunakake metodhe semak lan teknik cathet. Kaping pindhone dhata arupa ukara yaiku nggunakake metodhe semak, banjur teknike yaiku teknik sadhap, teknik simak libat cakap, teknik simak bebas libat cakap, lan teknik cathet. Sawise antuk dhata saka lapangan, dhata kasebut dijlentrehake kanthi cara diprinci nggunakake jlentrehan komponen makna. Sawise diprinci tembung kriya kang nduweni teges ngomonge, diprinci struktur gramatikale kanthi jlentrehan struktur batin kanggo ngerteni kalungguhane tembung kriya minangka wasesa ing ukara.
Tembung kriya kang nduweni teges ngomong iku diandharake miturut komponen maknane. Tembung kang tegese ngomong uga dicakake ing ukara supaya luwih kabukten. Tembung kriya kang nduweni teges ngomong bisa kaperang dadi rong jinis basa ngoko lan basa krama. Tembung kriya kanthi basa ngoko kaperang dadi papat yaiku baliangga utawa refleksif, tanduk tarung utawa resiprokal, ekspresif, lan persuasif. Banjur teges ngomong kanthi basa kramane bisa diprinci dadi sagolongan yaiku ekspresif.
Tembung wigati: makna, komponen makna, struktur gramatikal, struktur batin, teges ngomong.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

