PANGEMBANGAN LKS TUMRAP UNDHAK-UNDHAKANE KATRAMPILAN NULIS RINGKESANE CRITA FIKSI SISWA KELAS VII SMP MUHAMMADIYAH 6 SURABAYA TAUN PIWULANGAN 2012/2013
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
Pangembangan LKS Tumrap Undhak-Undhakane Katrampilan Nilis Ringkesane Crita Fiksi
Siswa Kelas VII SMP Muhammadiyah 6 Surabaya Taun Piwulangan 2012/ 2013
Sangga Dewi Gati Pratiwi
Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA (sanggamaryasantosa@yahoo.com)
Abstrak
Pangembangan LKS katrampilan nulis iki dilandhesi dening panganggone sumbere pasinaon sing asipat tradhisional, instan, lan tetukon. Kahanan kaya mangkono iku sing ndadekake siswa kurang nduweni greget anggone sinau, saengga asile pasinaon ora bisa nggayuh SKBM. Mula saka kuwi, ditindakake upaya kanggo ngembangake LKS supaya luwih inovatif lan variatif. Tujuwane kanggo narik kawigatene siswa supaya luwih greget anggone sinau, saengga asile pasinaon bisa salaras karo tujuwan pasinaon.
Underane panliten iki, yaiku (1) kepriye proses pangembangane LKS katrampilan nulis ringkesane crita fiksi; (2) kepriye tingkat validitas pangembangane LKS katrampilan nulis ringkesane crita fiksi; (3) kepriye tingkat kapraktisan panganggone LKS katrampilan nulis ringkesane crita fiksi; (4) kepriye tingkat efektivitas panganggone LKStumrap undhak-undhakane katrampilan nulis ringkesane crita fiksi. Salaras karo underane panliten dingerteni tujuwan saka panliten iki, yaiku (1) ngandharake proses pangembangane LKS; (2) ngandharake tingkat validitas pangembangane LKS; (3) ngandharake tingkat kapraktisan panganggone LKS; (4) ngandharake tingkat efektivitas panganggone LKStumrap undhak-undhakane katrampilan nulis ringkesane crita fiksi. Paedahe saka panliten iki, yaiku menehi gambaran marang guru supaya bisa milih lan nggunakake sumber pasinaon sing inovatif lan salaras karo kabutuhane siswa, bisa ngundhakake aktivitase siswa lan supaya siswa luwih greget anggone sinau, mligine ing piwulangan nulis, lan aweh konstribusi tumrap sekolah kanggo ngupaya ningkatake mutu pendhidhikan kanthi cara ngembangake sumbere pasinaon kang inovatif..
Konsep ngenani pangembangan LKS katrampilan nulis iki nggunakake modhel pangembangane Thiagarajan ing bukune Trianto (2010) sing judhule Model Pembelajaran Terpadu. Modhel pangembangan kasebut diarani modhel 4-D, yaiku define, design, develop, lan dessaminate. Modhel 4-D kasebut banjur diadaptasi dadi 3-P, jalaran panliten iki mung tekan tahap katelu, yaiku pangandharan, pangrancangan, lan pangembangan. Asil kang dipikolehi saka kagiyatan pangembangan iki, yaiku prodhuk LKS tumrap katrampilan nulis kanggo siswa SMP. Konsep LKS nggunakake teorine Prastowo minangka landhesane. Prastowo ngandharake yen LKS iku mujudake lembaran sing isine arupa ringkesane materi lan pitakonan sing wajib digarap dening siswa. Sabanjure teori katrampilan nulis nggunakake pamawase basir, sing unine yen katrampilan nulis kuwi mujudake sawijine katrampilan proses kanggo ngandharake pamikir kanthi cara runtut, logis, lan ngandhut makna tartamtu. Ing panliten iki, materi sing dijupuk ana gegayutane karo sastra, mligine crita fiksi. Mula saka kuwi, panliti nggunakake teori sastra sing diandharake dening Nurgiyantoro, crita fiksi yaiku crita rekaan/ khayalan sing ora ana kasunyatane.
Prodhuk LKS katrampilan nulis kasebut banjur divalidasi dening validator media lan validator materi. Validasi media ditindakake dening dosen jurusan Teknologi Pendidikan, dene validasi materi ditindakake dening dosen jurusan basa Jawa lan guru basa Jawa ing SMP. Sawise divalidasi banjur diujekake lumantar uji coba kang winates marang 10 siswa lan uji coba kang jembar marang 61 siswa.Presentase asile validasi saka ahli media, yaiku 92% nuduhake yen prodhuk kasebut “valid banget”. Presentase saka ahli materi 1, yaiku 80%, saengga kagolong “valid”. Asile pambiji saka ahli materi 2 uga mbuktekake yen LKS sing dikembangake uga “valid banget”, katitik saka asile presentase, yaiku 85,71%. Panganggone LKS sajrone kagiyatan pamulangan antuk tanggapan kang apik banget saka siswa. Perangan kasebut bisa diwawas saka asile tanggapane siswa sawise nggunakake LKS. Asile tanggapane siswa sing apik saka kelas VII B yen dipresentasekake, yaiku 90,97, dene tanggapan sing kurang apik, yaiku 9,03%. Kelas VII C, tanggapan sing apik presentasene 89,66% lan tanggapan sing kurang apik ana 10,33%.
Panganggone LKS sajrone kagiyatan pasinaon bisa ngundhakake efektivitas katrampilan nulis ringkesane crita fiksi. Katitik saka asile pasinaon ing siklus II luwih dhuwur tinimbang siklus I. Asil pasinaone siswa kelas VII B ing siklus I, biji reratane 58,52, presentase siswa sing tuntas ana 45,45%, presentase siswa sing ora tuntas ana 54,55%. Biji rerata asil pasinaone siswa kelas VII C, yaiku 48,71. Siswa sing tuntas presentasene, yaiku 29,03% lan siswa sing ora tuntas, yaiku 70,97%. Ing siklus II, biji reratane siswa kelas VII B mundhak dadi 78,06. Presentase siswa sing tuntas uga luwih akeh, yaiku 80,65%, dene presentase siswa sing ora tuntas mudhun dadi 19,35%. Asil pasinaone siswa kelas VII C ing siklus II yen dirata-rata asile yaiku 80,65. Siswa sing tuntas yen dipresentasekne ana 87,10% lan sing ora tuntas mung 12,90%.
Panganggone LKS sajrone kagiyatan pasinaon, kejaba bisa ngundhakake efektifitas uga bisa ngundhakake aktivitas guru lan siswa. Kabukti yen aktivitas guru lan siswa ing siklus II luwih apik tinimbang siklus I. Kabukti saka asile pambiji sing ditindakake dening observer. Pambiji tumrap aktivitas guru lan siswa kelas VII B ing siklus I, yaiku 88,33% lan 88,57%. Asile pambiji tumrap aktivitas guru lan siswa kelas VII B ing siklus II, yaiku 91,67% lan 99,55%. Aktivitas guru lan siswa ing kelas VII C uga ana undhak-undhakane. Presentase aktivitas guru mundhak saka 86,67% dadi 91,67%. Presentase aktivitas siswa uga mundhak saka 80% dadi 91,11%.
Kata kunci : pangembangan, LKS, katrampilan nulis, crita fiksi.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

