MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI SEDHEKAH BUMI ING KECAMATAN BLULUK KABUPATEN LAMONGAN

Authors

  • NANIK RATNA INDARTI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI SEDHEKAH BUMI

ING KECAMATAN BLULUK KABUPATEN LAMONGAN

 

NANIK RATNA INDARTI

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

 

Abstrak

 

                Tradhisi sedhekah bumi minangka salah sawijine tradhisi kang isih diugemi dening masarakat desa Songowareng, Bluluk, Lamongan. Tradhisi  sedhekah bumi mujudake gegambaraning rasa syukur masarakat tumrap sakabehing kanikmatan lan kanugrahan kang wis diparingake Gusti. Tradhisi kasebut dianakake masarakat Songowareng saben setaun pisan sawise panen.

                Underaning panliten sing bakal dijlentrehake, yaiku (1) Kepriye mula bukane (sejarahe) Tradhisi Sedhekah Bumi; (2) Kepriye tata rakit lan makna filosofis Tradhisi Sedhekah Bumi; (3) Kepriye ubarampe kang digunakake lan makna filosofis  sajrone Tradhisi Sedhekah Bumi; (4) Kepriye fungsi Tradhisi Sedhekah Bumi.

                Tujuwan panliten, yaiku (1) Ngandharake mula bukane (sejarahe) Tradhisi Sedhekah Bumi; (2) Njlentrehake tata rakit lan makna filosofis Tradhisi Sedhekah Bumi; (3) Ngandharake ubarampe kang digunakake lan makna filosofis sajrone Tradhisi Sedhekah Bumi; (4) Njlentrehake fungsi Tradhisi Sedhekah Bumi.

                Paedahe panliten iki, yaiku (1) Kanggo ngleluri budaya Jawa kang diwarisake saka sesepuh; (2) Kanggo ngangkat lan medhar nilai-nilai tradhisi ing desa Songowareng, Bluluk, Lamongan; (3) Minangka media kaderasi pelaku budaya sacara regenerasi lan sarana inventarisasi lan dhokumentasi Tradhisi Sedhekah Bumi; (4) Bisa nggugah panliti liyane, supaya nindakake panliten kang luwih jero ngenani Tradhisi Sedhekah Bumi.

                Lelandhesan tintingan kang dienggo nganalisis perkara-perkara yaiku konsep filsafat nggunakake panemune Saryono (2011:72), konsep semiotik nggunakake panemune North (Sajroning Ratna, 2012: 97), hermeneutik nggunakake pamawase Sumaryono (1999:23) lan fungsi nggunakake panemune Bascom (Sajroning Danandjaja, 1984:19)

                Metode sing digunakake sajrone panliten yaiku metode dheskriptif kualitatif. Tata cara ngumpulake data ing panliten iku, yaiku observasi, wawanrembug, dhokumentasi lan angket. Dene tata cara ngolah data kanthi cara, yaiku (1) transkripsi data, (2) versifikasi data, (3) identifikasi lan kodifikasi data, (4) interpretasi.

                Asile panliten iki, yaiku (1) Tradhisi sedhekah bumi ing desa Songowareng, Bluluk, Lamongan iki, yaiku salah sawijine tradhisi kang dipengeti saben setaun pisan dinane Sabtu Pon-Minggu Wage. Tradhisi kasebut isih ditindakake masarakat desa Songowareng minangka wujud syukur marang Gusti kang paring keslametan lan kanugrahan nalika panen asile bisa akeh lan turah-turah; (2) Tata rakit ing sajrone tradhisi sedhekah bumi nduweni makna filosofis kayata ing nalika sadurunge nganti tumindake sedhekah bumi. Tahap persiapan sadurunge nganakake tradhisi sedhekah bumi, luwih dhisik masarakat nyepakake apa sing diperlokake, kaya dene nemtokake sasi nuwuhake nilai kekulawargaan, kerja bakti utawa reresik nuwuhake nilai gotong royong, dene nalika nguras sendhang nemu iwak lan diuculake maneh nuwuhake nilai katentreman. Banjur tata rakit nalika tumindake tradhisi sedhekah bumi kayata nyekar ing pundhen Lingga lan Yoni nuwuhake nilai dhidhik marang anak putu supaya tumindak becik kaya arume ganda, slametan nalika kenduri yaiku ngelingake kita supaya ora srakah marang panganan, nyebar beras kuning nilai katentreman, tayuban nuwuhake nilai pakurmatan, wisudha sinoman nuwuhake nilai karukunan, maca babad desa nuwuhakae nilai kekulawargaan, ngiring gendhing pusaka nuwuhake nilai pakurmatan marang leluhur, lan kaulan nuwuhake nilai tatanan, tontonan lan tuntunan; (3) Ubarampe kang digunakake sajrone tradhisi sedhekah buni uga nduweni makna filosofis kang wigati kanggo masarakat desa Songowareng. Ubarampe kang ana, kaya dene: ambeng bisa nuwuhake nilai tulung tinulung, cok bakal nuwuhake nilai pendhidhikan marang anak putu, dhuwit nuwuhake nilai tulung tinulung, beras kuning nuwuhake nilai katentreman; (4) Fungsi tradhisi sedhekah bumi minangka alat pendhidhikan, minangka hiburan, ngleluri kabudayan Jawa lan minangka alat pengesahan pranata lan lembaga kabudayan.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-07-17

How to Cite

RATNA INDARTI, N. (2013). MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI SEDHEKAH BUMI ING KECAMATAN BLULUK KABUPATEN LAMONGAN. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 82 , PDF Downloads: 64