MITOS TRADHISI NENIKAHAN ANTARANE DESA JATISARI LAN DESA NGULAAN ING KABUPATEN TUBAN (Tintingan Mitopoik)

  • YATIK DWI LESTARI

Abstract

 

 

YATIK DWI LESTARI

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

 

Abstrak

Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan minangka sawijine wujud sastra lisan kang ana ing Desa Jatisari lan Desa Ngulaan, Kecamatan Bancar, Kabupaten Tuban. Mitos kasebut nduweni gegayutan marang lelakone Mbah Kam minangka sesepuh Desa Jatisari lan Mbah Dawa minangka sesepuh Desa Ngulaan. Mbah Kam nganggep Mbah Dawa dadi sedulure sawise Mbah Dawa kuwat nggendhong Mbah Kam nganti Desa Jatisari. Amarga Mbah Kam lan Mbah Dawa seduluran, mula Mbah Kam ora ngidinake anak turune nenikahan karo anak turune Mbah Dawa. Perkara kang narik kawigaten ing panliten iki amarga tradhisi kasebut isih dilestarekake nganti saiki lan anane unsur legenda kang nyengkuyung kedadeyane tradhisi.

Sesambungane karo bab ing dhuwur, nuwuhake anane pitakonan yaiku: (1) kepriye mula bukane mitos wewaler nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan ing Kabupaten Tuban? (2) kepriye kapitayane masyarakat Desa Jatisari lan Desa Ngulaan marang Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan? (3) apa wae nilai budaya sajrone Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan? (4) apa wae fungsine Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan?

Tujuwan saka panliten iki yaiku: (1) njlentrehake mula bukane mitos wewaler nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan ing Kabupaten Tuban, (2) njlentrehake kapitayane masyarakat Desa Jatisari lan Desa Ngulaan marang Mitos Tradhisi Nenikahan, (3) njlentrehake nilai budaya sajrone Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan, (4) njlentrehake fungsine Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan.

Paedahe panliten iki yaiku: (1) panliten iki bisa menehi kawruh menyang pendidikan sastra, lan (2) panliten iki bisa didadekake referensi kanggo panliten sabanjure.

Kanggo nganalisis masalah ing panliten iki digunakake konsep teori lan pamawas. Kanggo nganalisis bab mula bukane mitos wewaler nenikahan nggunakake tintingan mitopoik. Kanggo nganalisis kapitayane masyarakat nggunakake pamawase Tondowidjojo. Bab nilai budaya nggunakake pamawase Lantini. Dene kanggo nganalisis fungsi nggunakake pamawase Bascom lan teori reseptif liyane kang diselarasake karo kanyatan kang ana ing masyarakat.

Panliten ngenani Mitos Tradhisi Nenikahan antara Desa Jatisari lan Desa Ngulaan iki kalebu panliten kualitatif kang asipat deskriptif kanthi nggunakake tintingan mitopoik. Sumber data sajrone panliten yaiku informan kang dibedakake dadi informan kunci lan informan biyasa. Dene data panliten awujud rerangkene tembung-tembung lan carita saka asil wawancara.

Adhedhasar asil panliten diandharake mula bukane carita kang ndhasari mitos wewaler nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan kanthi luwih cetha. Kapitayane masyarakat marang mitos bisa dibedakake antarane masyarakat kang percaya lan ora percaya. Masyarakat kang percaya dijupuk saka asil angket percaya banget, percaya, lan rada percaya. Miturut asil angket masyarakat kang percaya ana 83% dene masyarakat kang ora percaya ana 17%. Wujud nilai budaya kang ana ing sajrone “Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari dan Desa Ngulaan” yaiku: (1) nilai didaktik, (2) nilai etik, lan (3) nilai religius. Fungsi kang ana ing sajrone “Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari dan Desa Ngulaan” yaiku: (1) minangka sistem proyeksi, (2) piranti kanggo ngesahake aturan lan lembaga kabudayan, (3) piranti kanggo panggulawenthah marang anak, (4) piranti kanggo meksa lan ngawasi supaya aturan-aturan ing bebrayan tetep bisa diugemi lan ditindakake dening anggota kolektif, (5) sarana ngraketake paseduluran, lan (6) sarana nguri-uri kabudayan.

Published
2013-07-17
How to Cite
DWI LESTARI, Y. (2013). MITOS TRADHISI NENIKAHAN ANTARANE DESA JATISARI LAN DESA NGULAAN ING KABUPATEN TUBAN (Tintingan Mitopoik). JOB (Jurnal Online Baradha), 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract Views: 67
PDF Downloads: 24