UPACARA ADAT SESAJI TIRTO HUSODO ING GROJOGAN IRENGGOLO DHUSUN BESUKI KABUPATEN KEDIRI (Tintingan Folklor)

  • DARIL FAISITA RASIDAH
  • SRI SULISTIANI

Abstract

ABSTRAK

Kabudayan minangka wujud labuh-labete manungsa. Saka tumindak kuwi mula nuwuhake pakulinan. Pakulinan bisa diwujudake minangka kapercayan tumrap kedadeyan tertamtu kayata upacara adat. Upacara adat Sesaji Tirto Husodo (STH) kang dadi salah sawijining tuladha saka pakulinan ing bebrayan Jawa iki ditindakake ing Grojogan Irenggolo saben setaun pisan yaiku nalika sasi Sura. Tujuwan saka upacara adat iki yaiku kanggo ngaturake rasa panuwun lan rasa kurmat kanggo kang mbaureksa sarta dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Upacara adat STH iki kalebu folklor sebageyan lisan kang tuwuh lan ngrembaka kanthi turun-temurun. Papan pangrembakane upacara adat iki ana ing Dhusun Besuki Desa Jugo Kabupaten Kediri. Adhedhasar lelandhesan panliten kasebut, mula underane panliten kang diandharake yaiku (1) kepriye mula-bukane, (2) kepriye tata rakite,(3) apa wae ubarampe lan uga maknane,(4)kepriye aktualisasi fungsi upacara adat lan,(5) kepriye pamawase masyarakat Dhusun Besuki tumrap upacara adat STH. Ancase panliten iki yaiku kanggo menehi gegambaran demografine Desa Jugo tumrap anane upacara adat STH sarta kanggo nginventarisasi nilai budaya sarta ngrembakake ilmu folklore. Paedah panliten yaiku nambahi kawruh ngenani upacara adat utamane upacara adat STH ing Grojogan Irenggolo sarta supaya bisa nglestarekake kabudayan Jawa. Teori kang dianggo ing panliten iki yaiku teori folklor panemune Brunvand, lan kanggo nganalisis makna simbolik sajrone ubarampe nganggo teori hermeneutik panemune Palmer. Panliten iki kalebu panliten kualitatif dheskriptif amarga dhata kang dikumpulake arupa dhata lisan, tinulis lan gambar.

Asiling panliten iki, yaiku kapisan, ngenani mula-bukane upacara adat STH kuwi tuwuh amerga anane rasa kurmat menyang para leluhur lan kanggo ngaturake rasa panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Kapindho yaiku tata-rakite upacara adat diwiwiti saka njupuk banyu panguripan, slametan, lan kirab buceng kuwat. Katelu, yaiku ubarampe upacara adat STH ana tumpeng, urap-urap, ingkung, jenang Sura, jenang abang lan putih, sega takir, buceng kuwat, sesajen asil bumi, kembang setaman lan golong cilik. Sekabehane ubarampe nduweni makna lan simbol dhewe-dhewe. Kapapat, yaiku ana 6 fungsi saka aktualisasi fungsi ing anatarane yaiku (a) minangka piranti pendhidhikan (panggulawenthah),(b)minangka sistem proyeksi,(c) minangka piranti pangesahan budaya,(d) minangka sarana panglipur,(e) sarana sosial, lan (f) sarana ekonomi. Kalima, ngenani pamawase masyarakat tumrap upacara adat STH yaiku ana kang mangerteni mula-bukane sarta tujuwane upacara adat STH lan ana kang ora mangerteni mula bukane sarta tujuwane upacara adat STH.

Tembung Wigati : Upacara Adat, Sesaji Tirto Husodo, Lan Folklor.

Published
2020-03-27
How to Cite
FAISITA RASIDAH, D., & SULISTIANI, S. (2020). UPACARA ADAT SESAJI TIRTO HUSODO ING GROJOGAN IRENGGOLO DHUSUN BESUKI KABUPATEN KEDIRI (Tintingan Folklor). JOB (Jurnal Online Baradha), 11(2). https://doi.org/10.26740/job.v11n2.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 56
PDF Downloads: 28