TINDAK TUTUR ILOKUSI SAJRONE MEDHIA WHATSAPP GRUP 2015 B BAKAL KANGEN

  • ELY YULISTIANI
  • UDJANG PAIRIN

Abstract

ABSTRAK

Tindak tutur ilokusi mujudake perangan saka tindak tutur. Tindak tutur ilokusi yaiku salah sawijine tumindak kanthi ngandharake samubarang. Panliten iki nduweni ancas kanggo ngandharake lan njlentrehake tindak tutur ilokusi apa wae kang kedadeyan sajrone medhia whatsapp grup 2015 B bakal kangen. Underaning perkara sajrone panliten iki ana loro, yaiku (1) Tindak tutur ilokusi apa wae kang kedadeyan sajrone whatsapp grup 2015 B bakal kangen?, lan (2) Tema apa kang karembug ing tindak tutur ilokusi sajrone whatsapp grup 2015 B bakal kangen?. Panliten iki kalebu jinis panliten sinkronis kang nduweni sipat dheskriptif kualitatif. Sumber dhata panliten iki yaiku tuturan kang ana ing sajrone whatsapp grup 2015 B bakal kangen. Dhata sajrone panliten iki yaiku tuturan sajrone medhia wahtsapp kang ngandhut tindak tutur ilokusi. Metodhe kang digunakake yaiku metodhe simak lan metodhe nyatet.

Tindak tutur ilokusi uga diperang dadi limang perangan kang nduweni fungsi komunikatif yaiku asertif, direktif, ekspresif, komisif, lan deklaratif. Adhedhasar analisis panliten iki ngasilake dhata yaiku tindak tutur ilokusi miturut fungsi komunikatif mung saperangan wae kang kedadeyan sajrone whatsapp grup 2015 B bakal kangen, yaiku tindak tutur ilokusi asertif ( nyatakake, nyaranake, membual, nguda rasa, lan ngeklaim), direktif(pesen, mrentah, mohon, menehi nasehat, lan saran), lan ekspresif ( atur panuwun, atur bagya, njauk pangapura, nyalahake, muji, lan belasungkawa). Dhata ngenani tindak tutur ilokusi sekabehane kang ana sajrone whatsapp grup 2015 bakal kangen ana 50 dhata.

Tembung wigati: tindak tutur, ilokusi, whatsapp

Published
2020-03-28
How to Cite
YULISTIANI, E., & PAIRIN, U. (2020). TINDAK TUTUR ILOKUSI SAJRONE MEDHIA WHATSAPP GRUP 2015 B BAKAL KANGEN. JOB (Jurnal Online Baradha), 11(2). https://doi.org/10.26740/job.v11n2.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 48
PDF Downloads: 15