LARASING TEMBUNG LAN TEMBANG SAJRONING ANTOLOGI CAMPURSARI BANYUWANGI ANGGITANE ANDANG C.Y (Tintingan Stilistika)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
NIHAYATUL MAGHFIROH
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
Abstrak
Tembang mujudake salah sawijining karya manungsa kang awujud seratan lan bisa dilagokake. Tembang anggitane Andang C.Y minangka salah sawijining karya seni kang ngandharake kahanan sosial lan kahanan alam ing urip bebrayan, mligine ana ing Kabupaten Banyuwangi. Tembang anggitane Andang C.Y didadekake objek panliten amarga bisa narik kawigaten kanggo ditliti. Tembang mau bisa narik kawigaten kanggo ditliti, amarga tembang karya Andang C.Y nggunakake pamilihing tembung lan lelewaning basa kang endah. Saliyane nggunakake basa kang endah, karya Andang C.Y uga nduweni nilai fungsi kang migunani tumrap masyarakat.
Saka andharan alesane panliten, undheran sajroning panliten iki yaiku (1) Kepriye wujud pamilihing tembung sing digunakake pangripta?, (2) Kepriye wujud pangolahing tembung sing digunakake pangrita?, (3) Kepriye fungaionalitas pamilih lan pangolahing tembang kang digayutake karo masyarakat?. Saka undheran panliten mau, tujuwan saka panliten iki yaiku (1) Ngandharake wujud pamilihing tembung sing digunakake pangripta, (2) Ngandhare wujud pangolahing tembung sing digunakake pangripta, (3) Ngandharake pamilih lan pangolahing tembang kang digayutake karo masyarakat.. Paedah saka panliten iki diajab bakal (1) panliten iki didadekake bahan seserepan ngenani teori stilistika lan teori-teori liyane kang ana gayutake karo teori mau, (2) bisa nambah wawasan ngenani tembang Banywuangi kang nggunakake Basa Using, (3) analisis iki uga nganalisis ngenani nilai fungsi karya sastra, saengga masyarakat penikmat sastra bisa ndudut amanat, piwulang, lan makna kang diandharne pangripta sajroning karyane.
Panliten iki nggunakake pendekata stiistika kang awujud metode analisis deskriptif kualitatif. Sumber data panliten iki yaiku pangripta tembang, yaiku Andang C.Y. Data kang digunakake yaiku antologi tembang campursari Banyuwangi karya Andang C.Y, kang jumlahe ana 20 tembang. Teknik pangumpuling data yaiku kanthi nggunakake teknik dhokumentasi lan wawancara, kanthi cara maca, nyathet, lan pustaka. Cara ngolah data yaiku kanthi nggunakake pendekatan stilistika.
Asiling saka panliten iki nuduhake aspek kang onja sajroning antologi campursari Banyuwangi karya Andang C.Y yaiku saka pamilihing tembung, pangolahing tembung kang ana. Pamilihing tembung digunakake dening pangripta nduweni tujuwan kanggo ngripta karya sastra kang endah lan nuduhake salah sawijining karya kang nduweni nilai, makna, lan paedah.
Analisis kapisan kanthi merang kelompok tema kang luwih onjo tinimbang tema liyane. Kelompok tema kaperang dadi patang kelompok, yaiku kelompok tema pitutur tumrap bocah, kelompok tema katresnan, kelompok tema sosial, lan kelompok tembang panyengkuyung. Pamerange kelompok tema kasebut kaperang miturut ciri-ciri tartamtu sajroning tembang kang nuduhake tema kang padha.
Pamilihing tembung kang asring digunakake yaiku titi swara, lan titi tembung. Titi swara sing digunakake yaiku purwakanthi guru swara (asonansi), puewakanti guru sastra (aliterasi), lan purwakanthi guru basa/lumaksita. Titi tembung kaperang dadi rong kelompok analisis, yaiku aspek estetis lan aspek makna. Aspek estetis sing digunakake sajroning tembange yaiku akeh tinemu tembung saroja lan saperangan tembung yogyaswara. Aspek makna kang akeh tinemu sajroning tembang yaiku tembung kang ora nduweni makna sabenere (teges entar) lan saperangan teges wantah.
Saka andharan analisis mau, bisa dingerteni yen antologi campursari Banyuwangi anggitane Andang C.Y nggunakake pamilihing tembung lan mangolahin tembung kang kaya andharan mau. Pamilihing lan pangolahing tembung digunakake pangripta kanggo ngandharake ciri-ciri tartamtu sajroning tema lan uga nuduhake pitutur sajroning karyane. Tembang anggitane Andang Ora mung digunakake kanggo panglipur, nanging uga mujudake karya sastra (tembang) kang nduweni nilai fungsi tumrap masyarakat. Isi saka sekabehane tembange mujudake pitutur tumrap sekabehane manungsa ing urip bebrayan.
Pepenget : pamilihing tembung, pangolahing tembung, lan nilai fungsi.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

