REFLEKSI ETIKA JAWA SAJRONING RERIPTAN SASTRA JAWA KLASIK; STUDI TEKS LAN KONTEKS SERAT WIRA ISWARA

Authors

  • BANGKIT IRMANUDIN BAHRI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

Bangkit Irmanudin Bahri

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, Unesa, (bangkit.bahri@gmail.com)

Abstrak

Kasusastran Jawa klasik iku dumadi saka maneka warna jinis reriptan sastra kang gunggunge akeh banget. Salah sawijine reriptan sastra Jawa klasik kang pinilih minangka objeke panliten, yaiku Serat Wira Iswara. Reriptan sastra kasebut, dianggit dening Susuhunan Paku Buwana IX kanthi nggunakake basa lan aksara (tumrap naskah asli) Jawa minangka sarana kanggo medharake gagasan. Serat Wira Iswara kang ngrembaka ing jaman tradisi naskah diwedharake kanthi nggunakake wujude basa sastra, yaiku tembang macapat. Serat Wira Iswara minangka reriptan sastra klasik, ngemot piwulang luhur, yaiku etika Jawa.

Underan sajroning panliten iki. (1) Kepriye karakteristikeSerat Wira Iswara digayutake karo pigunane minangka sumbering etika Jawa. (2) Kepriye struktur reriptan sastrane Serat Wira Iswara minangka sumbering etika Jawa. (3) Kepriye refleksietika Jawa sajroning teksSerat Wira Iswara. (4) Kepriye wujude refleksietika Jawa sajroning konteksSerat Wira Iswara.Panliten kang ditindakake tumrap Serat Wira Iswara iki asipat kualitatif lan nggunakake perspektif sastra, yaiku sosiologi sastra. Metode kang digunakake sajroning pangumpulan data, yaiku dokumentasi lan wawancara. Metodeanalisis data, yaiku heuristik lan hermeneutika minangka cara pamacan tumrape reriptan sastra. Teori kang kawawas laras kanggo nindakake panliten iki, ora liya struktur reriptan sastra kang kaperang dadi loro, yaiku struktur lair lan batin.

Asiling panliten iki nuduhake, menawa Serat Wira Iswara iku dumadi saka pirang-pirang perangan kanthi irah-irahan tartamtu lan diripta dening paraga kang tartamtu uga. Saperang gedhe saka struktur laire Serat Wira Iswara isih laras karo paugerane tembang macapat, kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, Ana saperangan saka struktur laire Serat Wira Iswara kang ora laras karo paugeran, amarga anane proses alih aksara kang salah. Struktur batine Serat Wira Iswara dumadi saka, (1) tema, yaiku tema ka-Pangeranan, tema asmara, lan tema patriotik, (2) nada lan swasana, yaiku nada kharismatik lan nada filosofis, (3) rasa-pangrasa, yaiku rasa welas asih, rasa bombong, lan rasa prihatin, sarta (4) piweling, yaiku piweling tumrape priya, piweling tumrape wanita, piweling tumrape wong ngaluhur, lan piweling tumrape wong cilik. Panliten ngenani wewatakan lan panganggone tembang minangka struktur batine Serat Wira Iswara, nuduhake asil kang isih laras karo paugeran. Etika Jawa kang tinemu sajroning Serat Wira Iswara bisa kaperang kaya mangkene, (1) etika Jawa tumrape wong ngaluhur, (2) etika Jawa tumrape wong cilik, (3) etika Jawa tumrape putra putri lan garwa, (4) etika Jawa tumrape para mudha, (5) etika Jawa tumrape pandhita, lan (6) etika Jawa sapanunggalane. Asiling refleksi etika Jawa sajroning konteks Serat Wira Iswara, ana etika Jawa kang isih ditengenake, apadene ditinggalake dening bebrayan Jawa. Adhedhasar asiling panliten kasebut, bisa didudut menawa etika Jawa iku isih ngrembaka ing bebrayan agung saiki.   

 

Tembung-tembung baku:Serat Wira Iswara. karakteristik, struktur lair, struktur batin. etika Jawa, lan refleksi etika Jawa.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-07-18

How to Cite

IRMANUDIN BAHRI, B. (2013). REFLEKSI ETIKA JAWA SAJRONING RERIPTAN SASTRA JAWA KLASIK; STUDI TEKS LAN KONTEKS SERAT WIRA ISWARA. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 257 , PDF Downloads: 238