LEGENDHA KYAI AGENG MOHAMMAD BESARI ING DESA TEGALSARI KECAMATAN JETIS KABUPATEN PONOROGO (Tintingan Folklor)

Authors

  • YUNIAR RISKA WIDYARINI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

YUNIAR RISKA WIDYARINI

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

 

Abstrak

 

 

Masyarakat Jawa nduweni tradhisi dhewe-dhewe, mula saka kuwi tradhisi Jawa ana maneka warna. Saliyane tradhisi-tradhisi iku sajrone masyarakat uga ana petilasan-petilasan. Petilasan kang ana ing masyarakat Jawa biyasane ana gegayutane karo kedadean-kedadean tartamtu kang kagambar sajrone sastra lisan, kang nganti saiki ana ing dhaerah-dhaerah. Sastra lisan iki perangan saka folklor minangka saperangan warisan kabudayan dhaerah kang sumebar kanthi cara turun-temurun. Umume warisan kabudayan kasebut nduweni piguna-piguna. Panliten iki bakal ngrembug Legendha Kyai Ageng Mohammad Besari ing Desa Tegalsari Kecamatan Jetis Kabupaten Ponorogo kanthi tintingan floklor.

Adhedhasar andharan ing dhuwur nuwuhake pitakonan, yaiku (1) Kapriye wujude legendha Kyai Ageng Muhamad Besari ing Desa Tegalsari Kecamatan Jetis Kabupaten Ponorogo, (2) Kapriye fungsi sosiale legendha Kyai Ageng Mohammad Besari ing Desa Tegalsari Kecamatan Jetis Kabupaten Ponorogo?, (3) Kepriye kalungguhane legendha Kyai Ageng Mohammad Besari tumrap masyarakat ing Desa Tegalsari Kecamatan Jetis Kabupaten Ponorogo?

Tujuwan panliten iki, yaiku (1) ngandharake wujud “legendha Kyai Ageng Mohammad Besari”, (2) nemokake lan ngandharake pigunane crita “legendha Kyai Ageng Mohammad Besari”, lan (3) ngandharake kalungguhane “legendha Kyai Ageng Mohammad Besari” ing masyarakat panyengkuyung.

Paedah saka panliten iki, yaiku (1) panliten iki bisa nambahi kawruh lan pengalaman kanggo nliti ing babagan sastra lisan, (2)panliten iki bisa menehi katrangan ngenani crita legendha Kyai Ageng Mohammad Besari ing Desa Tegalsari Kecamatan Jetis Kabupaten Ponorogo kanggo masyarakat panyengkuyunge, (3) bisa kanggo nambahi referensi marang panliti sing nduweni kawigaten marang sastra lisan ing Kabupaten Ponorogo.

Kanggo nganalisis perkara ing panliten iki perlu anane konsep lan teori. Konsep lan teori kang digunakake kanggo nganalisis ngenani wujud legendha Kyai Ageng Mohammad Besari, yaiku nggunakake konsep folklor kang diandharake dening Danandjaja. Kanggo nganalisis pigunane nggunakake konsepe Allan Dundes lan kanggo mangerteni kalungguhane legendha Kyai Ageng Mohammad Besari nganggo teori reseptif miturut Ratna.

Panliten ngenani Legendha Kyai Ageng Mohammad Besari ing Desa Tegalsari Kecamatan Jetis Kabupaten Ponorogo iki kalebu panliten kualitatif kang asipat deskriptif kanthi tintingan folklor. Sumber data panliten  yaiku para informan kang dibedakake dadi informan kunci, lan informan tambahan, data kuesioner, dene data panliten awujud rerangken crita asil saka wawancara marang para informan. Metode kang digunakake kanggo nglumpukake data, yaiku observasi, wawancara, rekaman, ngamati lan nyathet, dhokumentasi, banjur transkrip data. Tata cara kanggo ngolah data ana telung ambalan kang ditindakake, yaiku (1) open coding, (2) axial coding, (3) selective coding.

Adhedhasar asiling panliten bisa kababar ngenani wujud legendha Kyai Ageng Mohammad Besari kang luwih cetha. Wujud crita dijupuk saka informan kunci kang digabungake banjur direkonstruksi. Saliyane kuwi uga bisa mangerteni fungsi sajroning Legendha Kyai Ageng Mohammad Besari kanthi nggunakake pamawase Allan Dundes kang ana enem, nanging ora kabeh selaras karo kanyatan kang ana ing masyarakat Tegalsari. Mula saka kuwi ana modifikasi fungsi marang fungsi-fungsi miturut pamawase Allan Dundes kasebut. Fungsi legendha Kyai Ageng Mohammad Besari kasebut, yaiku (1) sarana panggulawenthah marang wong nom, (2) ningkatake rasa solodaritas sosial, (3) sarana kritik sosial, (4) sarana hiburan, (5) nggolek katentremane batin, (6) kanggo ngibadah lan ndedongo, (7) kanggo sarana nguri-uri kabudayan.

 Banjur kang pungkasan mangerteni kalungguhan legendha Kyai Ageng Mohammad Besari ing masyarakat Desa Tegalsari Kecamatan Jetis Kabupaten Ponorogo. Kalungguhan kasebut dideleng saka masyarakat kang percaya lan kang ora percaya. Miturut asil angket masyarakat kang percaya ana 87 % dene sing ora percaya 13%. Kaya kang kababar ing dhuwur andharan asiling panliten babagan legendha Kyai Ageng Mohammad Besari bisa ngasilake dudut


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-07-18

How to Cite

RISKA WIDYARINI, Y. (2013). LEGENDHA KYAI AGENG MOHAMMAD BESARI ING DESA TEGALSARI KECAMATAN JETIS KABUPATEN PONOROGO (Tintingan Folklor). Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 93 , PDF Downloads: 92