LELEWANING BASA LAN DIALEKTIKA KASETYANING SATRIYA SAJRONING NASKAH RAMA VERSI MADURA (Stilistika)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
Lelewaning Basa Lan Dialektika Kasetyaning Satriya Sajroning Naskah Rama Versi Madura
(Aspek Stilistik)
Rima Susanti
Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ( Cute.Nawai@gmail.com)
Abstrak
Salah sawijine wujud teks sastra yaiku naskah. Naskah mujudake manivestasi lan investasi tumprap uripe manungsa. Naskah nyimpen maneka warnane kapribaden sawijining bangsa tartamtu. Salah sawijining naskah kang nggambarake kapribaden bangsa Indonesia yaiku Naskah Rama Versi Madura, sabanjure dicekak dadi NRM.Adhedhasar struktur Naskah kang ditliti, nuduhake yen NRM nggunakake lelewaning basa. Pangripta NRM nggunakake lelewaning basa sing bisa nyengkuyung fungsi artistik naskah kanggo mujudake aspek dialektis. NRM ngandhut aspek dialektika kasetyaning satriya, kang bisa dideleng saka paragaIndrajit lan Wibisana.
Adhedhasar jlentrehan mau, bisa dijupuk telung underan panliten, yaiku : 1) Kepriye strukture NRM? 2) Kepriye lelewaning basa kang dumunung sajroning NRM? 3) Kepriye wujud dialektika kasetyaning satriyaing sajroning NRM?. Underaning panliten mau nuwuhake telung tujuwan panliten,yaiku kanggo : 1) Ngandharake strukture NRM? 2) Ngandharake lelewaning basa kang dumunung sajroning NRM? 3) Ngandharake wujud dialektika kasetyaning satriyaing sajroning NRM. Panliten iki diajeb bisa menehi paedah arupa : 1) Tumprap Ilmu Filologi : Panliten iki menehi sumbang sih marang jagading ilmu Filologi, yaiku bisa menehi sumbang sih arupa kawruh ngenani lelewaning basa lan dialektika kasetyaning kesatriya, amarga panliten ngenani stilistika sajroning naskah iku isih arang banget ditindakake. 2) Tumprap Panliti: Panliten iki bisa nambahi kawruhe panliti ngenani piwulangan kang ana sajroning NRM, bisa mangerteni lelewaning basa kang sumimpen ing NRM. Kejaba iku panliten iki diajab bisa nambahi pengalamane panliti supaya bisa ngrembakakake ilmune, mligine ing babagan Filologi. 3) Tumprap Pamaos : Panliten iki bisa nambahi kawruhe para pamaos ngenani filologi, mligine ngenani NRM. Saliyane iku panliten iki uga bisa nepungake lan mangerteni teks NRM.
Metode sing digunakake yaiku metode deskriptif comparatif, kanthi objek arupa NRM. Instrumen utamane yaiku panliti iku dhewe. Sumber datane arupa tetembungan kang nuduhake kahanan lan paraga sajroning NRM. Data panliten diklumpukake kanthi cara inventarisasi naskah, maca naskah, lan study pustaka. Data sing wis nglumpuk ditransliterasi kanthi nggunakake pedoman aksara Jawa.
Asiling panliten nuduhake strukturing NRM kang nggunakake puitika tembang macapat. Ewa semana, ora kabeh tembang macapat sing digunakake iku trep klawan paugeraning tembang. Ana saperangan tembang kang ora laras klawan paugeran. Tembang sing paling akeh ngalami kakliruwan yaiku tembang Dhandhanggula. Tembang Dhandhanggula ngalami kakliruwan paling akeh ing pada katelu, yaiku ing bab guru swara. Kudune gatra katelu dipungkasi klawan vokal /e/, nanging nyatane malah dipungkasi klawan vokal /i/. NRM mujudake naskah tunggal kang kawangun saka 9 pupuh (227 pada). Lelewaning basa sing onja sajroning NRM yaiku Tembung Garba, Tembung Wancahan, lan Purwakanthi. Tembung-tembung kasebut digunakake supaya bias njangkepi guru wilangan utawa guru swara. Saliyane iku anane lelewaning basa bias nggampangake pangripta kanggo medharake isi crita lan nggawe pamaos sarujuk klawan idene pangripta. Lelewaning basa minangka jembatan kanggo nuwuhake paradigma dialektis sajroning NRM. Dadi, bisa didudut yen lelewaning basa iku sarana pambangun dialektika kasetyaning satriyaing NRM. Aspek dialektis kang onja yaiku nalika Wibisana mutusi kanggo mbelani bebener lan keadilan. Wibisana lila ninggalake Negara lan sedulure kang nindakake kaluputan. Semana uga klawan Indrajit kang mbelani ramane masiya natoni atine ibune.
Tembung pepenget: naskah, filologi, lelewaningbasa, dialektika.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

