WUJUD, GUNA, LAN KALUNGGUHANE KRIYA TANDUK
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
Fitri Wijayanti
Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ( Fitriwijayasambudi@gmail.com )
Abstrak
Panliten tumrap kriya tanduk wis akeh dilakoni dening para pamarsudi basa, nanging olehe ngrembug isih sarwa cethek, cekak lan kurang cetha. Kriya tanduk kang diandharake dening para ahli basa iku mau mung winates ing titikan lan jinise. Kamangka, sajrone pangenggone ing ukara kriya tanduk nduweni guna lan kalungguhan. Mula saka iku, ing panliten iki bakal dirembug wujud, guna, lan kalungguhane kriya tanduk.
Punjere panliten iki yaiku babagan kriya tanduk. Dene, kang dadi underane prekara yaiku, (1) Kepriye wujude kriya tanduk?; (2) Kepriye gunane kriya tanduk?; lan (3) Kepriye kalungguhane kriya tanduk?. Adhedhasar prekara kasebut, mula kang dadi tujuwane panliten iki yaiku kanggo ngandharake kriya tanduk, mligine yaiku: (1) ngandharake wujude kriya tanduk; (2) ngandharake gunane kriya tanduk; lan (3) ngandharake kalungguhane kriya tanduk.
Panliten ngenani wujud, guna lan kalungguhan kriya tanduk iki kagolong panliten kang asipat deskriptif. Teori kang digunakake yaiku triaspek sintaktis babagan wujud (kategori), guna (fungsi), lan kalungguhan (peran). Dhata kang dinggo ing panliten iki yaiku kriya tanduk. Sumber dhatane arupa ukara kang nggunakake tembung kriya tanduk kang dijupuk saka cerbung “Rembulan Ndhuwur Blumbang” anggitane Narko Sodrun Budiman ing kalawarti Jayabaya No.08 Minggu IV Oktober 2011 nganti No.37 Minggu II Mei 2012. Tata cara nglumpukake dhata nganggo metodhe semak. Tata cara ngolah dhata dilakoni kanthi tahap transkripsi dhata, verifikasi dhata, klasifikasi dhata, lan penafsiran dhata. Dene tata cara nulis asile panliten nggunakake cara formal lan informal.
Wujude kriya tanduk ing panliten bisa diperang dadi pitu, 7, yaiku wantah tanpa anuswara, wantah mawa anuswara, {N-} + lingga + {-i}, {N-} + lingga + {-ake}, lingga + {-a}, lingga {-na}, dan {N-} + lingga + {-a}. Peran yang disandang kata kerja aktif dikelompokkan menjadi dua kelas, yaitu kelas utama dan kelas turunan. Guna kriya tanduk sajrone ukara yaiku minangka guna wasesa. Wasesa mujudake guna inti kang dadi punjere konstituen. Wasesa digunakake bebarengan klawan guna pandhamping liya, kayata jejer, lesan, geganep, utawa katrangan sajrone ukara. Kalungguhane kriya tanduk diperang dadi loro, yaiku kelas utama lan kelas turunan. Kalungguhan ing kelas utama diperang dadi telu, yaiku tanduk kriya wantah, tanduk ikriya, lan tanduk kekriya. Kalungguhan ing kelas turunan diperang dadi papat, yaiku pakon tanduk, patanya tanduk, pangajak tanduk, dan pangarep-arep tanduk.
Tembung wigati (kata kunci) : wujud, guna, kalungguhan, kriya tanduk
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

