Wujud, Guna, lan Kalungguhan Ukara Prajanji Sajrone Pasrawungan ing dhusun Sukorejo desa Srigading, kec. Ngoro, kab. Mojokerto

Authors

  • DIAZ ROSA DAMAYANTI
  • SURANA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v12n3.p%25p

Abstract

Panganggone ukara prajanji bisa ditemokake ing saben bebrayan, kayata sameyan. Ukara prajanji migunani minangka wasesa sajrone ukara. Saka bab kasebut bisa diwastani yen gunane wasesa minangka punjer saka liyane. Punjere panliten iki yaiku meruhi wujud, guna, lan kalungguhan basal an ukara prajanji. Ancase panliten iki yaiku: Ngandharake wujud, guna, lan kalungguhan ukara prajanji tanpa lesan lan Ngandharake wujud, guna, lan kalungguhan ukara prajanji mawa lesan ing basa Jawa.
Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik asipat dheskriptif. Teori kang digunakake yaiku Bab kang ditliti sajrone panliten iki yaiku babagan wujud, guna, lan kalungguhan ukara prajanji yaiku morfosintaksis. Wujude ukara prajanji ana kang tanpa lesan lan ana kang mawa lesan. Wujude ukara prajanji bisa awujud tembung kriya, aran, lan tembung liyane. Tembung kriya diperang adhedhasar kriya tanduk tanpa lesan lan mawa lesan. Uga ana kang dumadi saka gatra kriya, gatra aran, lan gatra liyane. Kriya tanduk sajrone ukara yaiku minangka wasesa. Wasesa mujudake guna inti kang dadi punjere ukara. Guna pandhamping kang arupa Katrangan ora kudu ana ing ukara. Kalungguhan kriya tanduk sajrone ukara prajanji umume nuduhake anane kalungguhan akif, nanging uga bisa nduweni kalungguhan pasif. Kalungguhan kang diduweni kriya tanduk kasebut ditemtokake dening kalungguhan kang disandhang dening unsur pandhampinge. Asil saka panliten iki ditemtokake dadi rong andharan, yaiku (1) Kepriye wujud, guna, lan kalungguhan ukara prajanji tanpa lesan basa Jawa sajrone pasrawungan ing Mojokerto? 2) Kepriye wujud, guna, lan kalungguhan ukara prajanji mawa lesan basa Jawa sajrone pasrawungan ing Mojokerto?

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-04-15

How to Cite

ROSA DAMAYANTI, D., & SURANA. (2020). Wujud, Guna, lan Kalungguhan Ukara Prajanji Sajrone Pasrawungan ing dhusun Sukorejo desa Srigading, kec. Ngoro, kab. Mojokerto. Jurnal Online Baradha, 12(3). https://doi.org/10.26740/job.v12n3.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 62 , PDF Downloads: 55