CAMPUR KODE BASA JAWA DIALEG SUROBOYOAN SAJRONE MEDHIA SOSIAL INSTAGRAM @TUMBLRSUROBOYO
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v12n3.p%25pAbstract
ABSTRAKCAMPUR KODE BASA JAWA DIALEG SUROBOYOAN SAJRONE MEDHIA SOSIAL INSTAGRAM @TUMBLRSUROBOYO Jeneng : Oktavia Wahyuning HarwatiNIM : 16020114068Prodi/ Jurusan : S-1/ Pendidikan Bahasa dan Sastra Dhaerah (Jawa)Fakultas : Bahasa lan SeniJeneng Lembaga : Universitas Negeri SurabayaPembimbing : Dr. Surana, S. S., M. Hum. Dialeg Suroboyoan akeh digunakake masyarakat kutha Surabaya wiwit biyen. Nanging, ing jaman saiki akeh masyarakat kutha Surabaya kang nyisipake tembung-tembung basa Jawa dialeg Suroboyoan kang dicampur karo basa liyane, iki bisa nuwuhake kedadeyan campur kode. Campur kode mujudake panggunane rong basa utawa luwih kanthi nglebokake unsur-unsur basa siji menyang basa liyane. Sajrone kahanan bebasan utama ing medhia sosial asring ditemokake tembung kang nyampur luwih saka siji basa. Panliten iki nduweni tujuwan kanggo ngasilake dheskripsi ngenani wujud, sebab lan fungsi campur kode. Sajrone panliten iki bakal nggunakake teori campur kode kang awujud menjero lan metu. Panliten iki kalebu jinise panliten dheskriptif. Sumber dhata kang digunakake yaiku medhia sosial ing akun instagram @tumblrsuroboyo. Sajrone ngumpulake dhata gunakake metodhe dokumentatif kanthi teknik nyatet, dene kanggo nitingi dhata nggunakake metodhe deskriptif komperatif. Asil panliten iki yaiku dheskripsi ngenani wujud campur kode kang awujud tembung, frasa, lan klausa ana 144 kedadeyan ing basa Indonesia, basa Jawa dialeg Suroboyoan lan basa asing (basa Inggris). Dheskripsi ngenani sebab anane campur kode amarga ngenalake budaya, pamilihing tembung kang gampang, watesan padhanan tembung lan pengalusan tuturan. Dhesksripsi ngenani fungsi campur kode yaiku, nunjukake intelektual, ngajeni mitra tutur, negesake samubarang pamikir, lan bangkitake rasa humor. Tembung Wigati: campur kode, dialeg Suroboyoan, medhia sosial, instagram.Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2020-04-16
How to Cite
WAHYUNING HARWATI, O., & SURANA. (2020). CAMPUR KODE BASA JAWA DIALEG SUROBOYOAN SAJRONE MEDHIA SOSIAL INSTAGRAM @TUMBLRSUROBOYO. Jurnal Online Baradha, 12(3). https://doi.org/10.26740/job.v12n3.p%p
Issue
Section
Articles

