Alih Kode lan Campur Kode sajrone Ceramah Agama Gus Miftah

Authors

  • KHARISMA EKA PRATIWI
  • SURANA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v12n3.p%25p

Abstract


ABSTRAKCeramah minangka komunikasi satu arah ing endi panutur luwih dominan tinimbang mitra tuture. Ceramah nduweni tujuwan kanggo menehi informasi tumrap masyarakat, mula saka kuwi penceramah kudu pinter anggone olah basa. Salah sijine nggunakake campur kode lan alih kode kanthi tujuwan tertamtu. Ragam basa kasebut bisa ditemokake sajrone ceramah agama Gus Miftah. Adedhasar andharan kasebut, underan panliten iki yaiki : nggoleki wujud lan guna alih kode lan campur kode sajrone ceramahagama Gus Miftah. Ancase panliten iki yaiku, mangerteni wujud lan guna alih kode lan campur kode sajrone ceramah agama Gus Miftah. Tintingan kang digunakake sajrone panliten iki yaiku sosiolinguistik mligine campur kode lan alih kode. Teori kang digunakake yaiku teorine Soewito kang disangkuyung karo teori liyanne. Dene metodhe kang digunakake yaiku dhiskriptif kualitatif. Dhata sajrone panliten iki dikumpulake kanthi cara nyimak video ing youtube banjur di transkrip lan dikelompokake miturut jinise banjur dianalisis.Asile panliten iki yaiku nuduhake jinis alih kode sajrone ceramah agama Gus Miftah yaiku alih kode internal lan alih kode eksternal. Alih kode internal yaiku alih kode kang disebabake merga nyampurake basa siji lan basa liya sing cedhek bab gegorafise utawa isih saka 1 basa nasional. Dene alih kode eksternal yaiku lih kode kang disebabake merga nyampurake basa siji menyang basa liya sing adoh papan panggonanae lan beda basa nasionael (basa manca). Wujude alih kode kang ditemokake ana 4, yaiku (1) Basa Jawa menyang Basa Indonesia, (2) Ngoko menyang Krama, (3) Krama menyang ngoko, (4) Basa Jawa menyang Basa Arab. Guna alih kode kang ditemokake yaiku (1) Nerokake hadits, dalil, lan omongane wong liya, (2) nggampangake materi ceramah, (3) menehi panglipur, (4) negesake materi, (5) nggampangake ukara, (6) ngajeni mitra tutur, (7) ngluhurake sing diomongake, (8) ngowahi kahanan, (9) nyemoni.. Wujud campur kode kang ditemokake ana 3, yaiku, (1) tembung, (2) frasa, (3) idiom. Guna campue kode yaiku, (1) nggampangake ukara, (2) ngraketake swasana, (3) gegojegan, (4) nuduhake identitas dhiri, (5) kanggo pasemon.


Tembung wigati : ceramah, alih kode, campur kode, sosiolinguistik

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-04-19

How to Cite

EKA PRATIWI, K., & SURANA. (2020). Alih Kode lan Campur Kode sajrone Ceramah Agama Gus Miftah. Jurnal Online Baradha, 12(3). https://doi.org/10.26740/job.v12n3.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 42 , PDF Downloads: 41