TINDAK TUTUR TAKON TEMPORAL ING DUSUN BALONG DESA GERIH KECAMATAN GERIH KABUPATEN NGAWI

  • MUSLIKHUL HADI
  • SUGENG ADIPITOYO

Abstract

ABSTRAK

Tindak tutur takon temporal isih durung ana sing nliti kanthi mligi lan gamblang. Sawenehe panliten, kapustakan utawa artikel ilmiyah mung ngandharake lan njlentrehake minangka bagean saka takon. Takon mujudake jinis tindak tutur ngajak Mt kanthi cara bebarengan (kolektif) nylarasake (komitmen) kanggo nggolek panemu. Saka kana bisa ditemokake kaweruh/wawasan lan ukara kang nuntasake perkara kang ditakonake (Fingo. 2015:8). Panliten iki nduwe undheran nggoleki lageyane penutur lan pananggape mitra tutur ing tindak tutur takon temporal ing desa Balong, Desa Gerih, Kecamatan Geih, Kabupaten Ngawi. Panliten iki klebu panliten pragmatik kang nganalisis pacaturan adhedhasar konteks. Asile panliten ngenani lageyane panutur dijupuk makna temporal kang dibage adhedhasar nyatakake wektu wingi, saiki, lan tembe. Jinis panliten iki deskriptif kualitatif, cara nglumpukake dhata mawa teknik semak lan wicara. Cara njlentrehake dhata kanthi metodhe kategoris, teks, lan konteks. Cara nyuguhake panliten kanthi dheskriptif lan informal.

Jinis TTTT adhedhasar lageyane panutur diperang dadi rolas, yaiku (1)blaka langsung nyatakake wektu wingi, (2) blaka langsung nyatakake wektu saiki, (3)blaka langsung nyatakake wektu tembe, (4)blaka ora langsung nyatakake wektu wingi, (5)blaka ora langsung nyatakake wektu saiki, (6)blaka ora langsung nyatakake wektu tembe, (7) ora blaka langsung nyatakake wektu wingi, (8)ora blaka langsung nyatakake wektu saiki, (9)ora blaka langsung nyatakake wektu tembe, (10)ora blaka ora langsung nyatakake wektu wingi, (11)ora blaka ora langsung nyatakake wektu saiki, lan (12)ora blaka ora langsung nyatakake wektu tembe. Dene pananggape mitra tutur kabage dadi loro yaiku (1) wangsulan nuduhake, lan (2) wangsulan nylarasake.

Tembung wigati : tindak tutur takon temporal, lageyan panutur, pananggap mitra tutur, konteks pacaturan
Published
2020-04-20
How to Cite
HADI, M., & ADIPITOYO, S. (2020). TINDAK TUTUR TAKON TEMPORAL ING DUSUN BALONG DESA GERIH KECAMATAN GERIH KABUPATEN NGAWI. JOB (Jurnal Online Baradha), 12(3). https://doi.org/10.26740/job.v12n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 50
PDF Downloads: 31