MAJAS PERBANDINGAN SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN TRUNTUM GUMELAR ANGITANE PARA PANGGURIT MUDHA

Authors

  • YOGI WAHYU SAMPURNO
  • DARNI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v12n3.p%25p

Abstract

Antologi geguritan Truntum Gumelar yaiku salah sawijine wadhah saka para panggurit mudha kanggo miwiti nulis karya sastra mligine geguritan.. Kanggo nemtokake style para panggurit mudha sajrone antologi geguritan Truntum Gumelar bisa lumantar majas perbandingan. Saka saperangan jinise majas perbandingan bakal dipilih telung jinis kang dirasa paling onjo, pamilihe jinise majas kasebut uga supaya nggampangake anggone nemtokake style. Mula perkara kang bakal dirembug sajrone panliten iki yaiku (1) Kepriye majas perbandingan gayut karo personifikasi sajrone antologi geguritan Truntum Gumelar, (2) Kepriye majas perbandingan gayut karo simile sajrone antologi geguritan Truntum Gumelar, (3) Kepriye majas perbandingan gayut karo alegori sajrone antologi geguritan Truntum Gumelar. Ancas saka panliten iki yaiku njlentrehake majas perbandingan personifikasi, simile, lan alegori sajrone antologi geguritan Truntum Gumelar.

Panliten iki kalebu panilten kualitatif lan nggunakake pamarekan Stilistika. Sumber dhata kang digunakake sajrone panliten iki yaiku 54 geguritan sajrone antologi geguritan Truntum Gumelar anggitane para panggurit mudha. Dhata kang digunakake sajrone panliten iki yaiku tetembungan sajrone geguritan ing antologi geguritan Truntum Gumelar anggitane para panggurit mudha kang kapilih. Kanggo ngumpulake dhata sajrone panliten iki nggunakake telung tatacara yaiku maca, nyetheh, lan nginventarisasi. Lan anggone nganalisis dhata kang wis ana yaiku kanthi nggayutake tetembungan kang dimaksud karo tema lan jangkepe isi saka geguritan kasebut.

Asil saka panliten kang wis ditindakake nuduhake yen para panggurit mudha sering banget nggunakake majas perbandingan mligine kang gayut karo telung jinise majas kasebut yaiku personifikasi, simile, lan alegori. Saka 54 geguritan ana 38 geguritan kang nuduhake panganggone majas perbandingan. 42 geguritan kasebut yaiku 4 geguritan nggunakake personifikasi, 12 geguritan nggunakake simile, lan 22 geguritan kang nggunakake alegori. adhedhasar dhata kasebut majas perbandingan gayut karo alegori dadi majas kang paling onjo saka telung jinis majas kasebut. Bisri Nuryadi lan Endar Fajar Ramadhan minangka pangripta kang paling sering nggunakake majas perbandingan gayut karo alegori.

Tembung wigati: Personifikasi, Simile, Alegori.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2020-04-20

How to Cite

WAHYU SAMPURNO, Y., & DARNI. (2020). MAJAS PERBANDINGAN SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN TRUNTUM GUMELAR ANGITANE PARA PANGGURIT MUDHA. Jurnal Online Baradha, 12(3). https://doi.org/10.26740/job.v12n3.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 53 , PDF Downloads: 42