KOMPARASI TRADHISI ING PASAREYAN DEWI SEKARDADU DHUSUN GONDANG KABUPATEN LAMONGAN LAN DHUSUN KETINGAN KABUPATEN SIDOARJO (TINTINGAN ETNOLOGI BUDAYA)

  • MAULANI YULITA
  • OCTO DENDY ANDRIYANTO

Abstract

Tradhisi Pasareyan Dewi Sekardadu mujudake tradhisi kang nduweni ancas mengeti lan ngurmati jasa-jasa kang wis ditindakake dening Dewi Sekardadu sarta sarana ngalap berkah para warga anggone nyuwun gampang lancar sajrone panguripan bebrayan. Tradhisi kasebut ditindakake ana ing rong dhusun kang beda kecamatan lan kabupaten, yaiku Dhusun Gondang Kecamatan Sugio Kabupaten Lamongan lan Dhusun Ketingan Kecamatan Buduran Kabupaten Sidoarjo. TPDSG lan TPDSK ditindakake saben setaun pisan. Ancas saka punjere underan panliten yaiku ngandharake lan njlentrehake (1) mula buka TPDSG lan TPDSK, (2) makna simbol sajrone TPDSG lan TPDSK, (3) wujud komparasi kang ana sajrone TPDSG lan TPDSK, lan (4) upaya pelestarian marang TPDSG lan TPDSK.

Panliten iki nggunakake ancangan deskriptif kualitatif kalebu komparatif kanthi pendekatan budaya. Konsep lan teori kang digunakake sajrone panliten yaiku konsep etnologi budaya. Dhata panliten iki kaperang dadi loro yaiku awujud dhata lesan lan dhata tulis. Dhata lesan yaiku asil wawancara saka narasumber. Dhata tulis yaiku catetan-catetan utawa bukti dhokumentasi kang ana lan kasimpen ngenani TPDSG lan TPDSK, dene sumber dhata uga kaperang dadi loro yaiku sumber dhata primer lan sumber dhata sekunder. Tatacara analisis dhata panliten nggunakake patang tahapan yaiku transkrip dhata, verifikasi dhata, idhentifikasi dhata, lan nafsirake dhata. Patang tahapan kasebut cundhuk karo panliten TPDSG lan TPDSK sajrone ngolah informasi saka lapangan dadi sawijine asil panliten kang awujud laporan.

Asile panliten nuduhake mula buka anane TPDSG lan TPDSK nduweni sesambungan langsung karo Dewi Sekardadu lan sejarah saka dhusun kang saiki dadi papan panggone pasareyan lan ditindakake tradhisi, makna simbol kang kinandhut sajrone tradhisi sakloron diperang dadi loro yaiku saka tatalaku lan ubarampe. Makna-makna kang piningit nduweni gegayutan marang alam semesta lan prinsip sajrone panguripan bebrayan Jawa. Wujud komparasi antarane TPDSG lan TPDSK kaperang dadi rong aspek yaiku aspek pambeda lan aspek kang padha. Aspek pambeda kalebu saperangan bab kang luwih akeh ditemokake sajrone tradhisi sakloron tinimbang aspek kang padha. Bab kasebut jalaran ana saperangan latar sosial lan psikologi masyarakat kang beda. Upaya pelestarian kang ditindakake tumrap TPDSG lan TPDSK kaperang dadi telu yaiku internalisasi, sosialisasi, lan enkulturasi. Internalisasi yaiku upaya kang tuwuh saka dhiri individu warga, kadeleng saka para warga kanthi cara indhividu melu manyengkuyung lumakune tradhisi. Sosialisasi yaiku upaya pangrembakan lumantar cecaturan ing masyarakat, kalebu tumindak gotongroyong kang dilakokake warga sarwa bebarengan lan enkulturasi yaiku upaya kang tuwuh saka saknjabane desa lan warga yaiku saka organisasi masyarakat lan pamarintah kayadene IPNU, IPPNU, Kartar, Dina Kebudayaan lan Pariwisata lan liya-liyane.

Tembung Wigati : Etnologi, internalisasi, sosialisasi, enkulturasi, verifikasi.
Published
2020-04-20
How to Cite
YULITA, M., & DENDY ANDRIYANTO, O. (2020). KOMPARASI TRADHISI ING PASAREYAN DEWI SEKARDADU DHUSUN GONDANG KABUPATEN LAMONGAN LAN DHUSUN KETINGAN KABUPATEN SIDOARJO (TINTINGAN ETNOLOGI BUDAYA). JOB (Jurnal Online Baradha), 12(3). https://doi.org/10.26740/job.v12n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 64
PDF Downloads: 94