PANGEMBANGAN MEDHIA PASINAON CERGAM ABASIS LIFT THE FLAP BOOK KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEKS CRITA TUMRAP SISWA KLAS VIII MTSN 6 KEDIRI

  • YONANDA HANA YOSRILA
  • SRI SULISTIANI

Abstract

Yonanda Hana YosrilaS-1 Jurusan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabayayonandayosrila@mhs.unesa.ac.id PembimbingDra. Hj. Sri Sulistiani, M.PdDosen Jurusan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabayasrisulistiani@unesa.ac.id

AbstrakAsil observasi masalah sing dialami guru lan siswa yaiku kurang efektife pasinaon basa Jawa. Bab kasebut ndadekake siswa kurang trampil anggone nulis, mula medhia cergam abasis lift the flap book dianakake. Tujuwane panliten iki yaiku ngandharake kepriye proses pangembangan medhia pasinaon cergam abasis lift the flap book lan kualitas prodhuk diwawas saka validhitas, kapraktisan, lan kaefektivane prodhuk. Asil panliten iki ndheskripsekake proses pangembangan medhia pasinaon lan kualitas prodhuk. Asil kualitas prodhuk dideleng saka validhitas prodhuk, kapraktisan, lan kaefektivan medhia. Asile nuduhake: (1) validhitas materi kanthi rata-rata 3,90 nuduhake kategori “Apik Banget” lan validhitas medhia kanthi rata-rata 3,60 kategori “Apik”. Saka asil validhitas bisa didudut yen medhia pasinaon valid lan bisa dienggo ing klas eksperimen. (2) Kapraktisan medhia diolehake saka asil angket respon siswa lan lembar pengamatan guru. Angket respon siswa ngolehake rata-rata 3,50 kanthi kategori “Apik” lan lembar pengamatan guru rata-rata 3,63 kategori “Apik”. Saka asil kasebut didudut medhia pasinaon praktis dienggo mulang ing klas. (3) Kaefektifan medhia diolehake kanthi cara nindakake uji coba kaping pindho. Uji coba kapisan ngolehake asil uji t-test nganggo SPSS 24 for windows kanthi taraf signfikasi 5%, thitung 16,69 > ttabel 1,66 signifikan lan efektif. Uji coba kapindho ngasilake uji t-test uga nganggo SPSS 24 for windows kanthi taraf signifikansi 5%, thitung 16,25 > ttabel 1,66 signifikan lan efektif. Saka asil analisis kasebut didudut: hipotesis mbuktekake anane pambeda sing signifikan antarane klas eksperimen karo klas kontrol, Ha ditampa H0 ditolak. Tegese, asil pasinaon basa Jawa materi teks crita nganggo medhia pasinaon cergam abasis lift the flap book bisa ngundhakake kawasisan nulis crita siswa. Tembung wigati: pangembangan, medhia, teks cerita, cergam.
Published
2020-04-30
How to Cite
HANA YOSRILA, Y., & SULISTIANI, S. (2020). PANGEMBANGAN MEDHIA PASINAON CERGAM ABASIS LIFT THE FLAP BOOK KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEKS CRITA TUMRAP SISWA KLAS VIII MTSN 6 KEDIRI. JOB (Jurnal Online Baradha), 12(3). https://doi.org/10.26740/job.v12n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 45
PDF Downloads: 35