CITRANE WANODYA PEJUWANG SAJRONE NOVEL PARA PAWESTRI PEJUWANG LAN REPUBLIK JUNGKIR BALIK (Tintingan Sastra Bandhingan)

  • SITI WAIS ALQURNI
  • SRI SULISTIANI

Abstract

Abstrak

Novel kanthi irah-irahan Para Pawestri Pejuwang (PPP) lan Republik Jungkir Balik (RJB) padha-padha dianggit dening Suparto Brata. Novel kang siji kalebu novel Jawa, dene kang liyane kalebu novel Indonesia. Senadyan beda jinise, nanging kaloro novel kasebut padha-padha ngrembug pajuwangane wanodya. Adhedhasar babagan kasebut, panliten iki nggunakake tintingan sastra bandhingan kang nengenake babagan feminisme. Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku metodhe dheskriptif kualitatif kang nggunakake penapsiran utawa hermeneutika. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku novel PPP lan RJB. Dhata sajrone panliten iki arupa pethilan ukara-ukara kang ana sajrone novel PPP lan RJB. Tatacara nglumpukake dhata yaiku kanthi nyeleksi dhata nggunakake teknik pustaka, dene tatacara nganalisis dhata kanthi nggunakake teknik analisis dheskriptif.

Asil panliten iki ngandharake: (1) gegambarane wanodya pejuwang sajrone kaloro novel kang padha-padha ayu, gandhes luwes merak ati, uga padha-padha mandhiri, optimis, wicaksana, pinter, semangat, welas asih, kendel, lan alus pangrasane. Wanodya pejuwang sajrone kaloro novel uga nduweni kalungguhan ing kulawarga lan masarakat; (2) prekara-prekara kang diadhepi dening wanodya pejuwang sajrone kaloro novel yaiku prekara kang ana sesambungane karo bangsa lan panguripan pribadhine. Wanodya sajrone kaloro novel padha-padha ngadhepi prekara kasebut kanthi majuwang; (3) asile bandhingan, yaiku wanodya pejuwang sajrone kaloro novel nduweni babagan kang padha ing gegambaran fisik, psikis, kalungguhan, lan sikape anggone ngadhepi prekara. Babagan kang dadi pambeda yaiku basa lan latar wektune kaloro novel.

Tembung Wigati: Gegambaran, wanodya pejuwang, bandhingan.





Published
2020-04-30
How to Cite
WAIS ALQURNI, S., & SULISTIANI, S. (2020). CITRANE WANODYA PEJUWANG SAJRONE NOVEL PARA PAWESTRI PEJUWANG LAN REPUBLIK JUNGKIR BALIK (Tintingan Sastra Bandhingan). JOB (Jurnal Online Baradha), 12(3). https://doi.org/10.26740/job.v12n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 46
PDF Downloads: 23