TRADHISI NGALAP BERKAH ING PASAREYAN MBAH TRUNOJOYO DESA SENDANGHARJO, KECAMATAN NGASEM, KABUPATEN BOJONEGORO (TINTINGAN FOKLOR)

  • ALLIA CANDRA SANTIKA
  • YOHAN SUSILO

Abstract

Abstrak

Salah sawijine kabudayan Jawa yaiku tradhisi ngalap berkah ing pasareyane Mbah Trunojoyo. Panliti milih kasebut amarga tradhisi ngalap berkah lumaku ing desa kang kagolong mencil ing Bojonegoro. Pangarep panliti ngenalake marang masayrakat Jawa liyane lan ngangkat ekonomi warga. Saliyane iku paedah akademis kanggo nambahi wawasan lan bisa nambahi referensi kanggo panliten saemper kang ana ing dhaerah liya.Metodhe panliten sing digunakake dheskriptif kualitatif kanthi objek tradhisi ngalap berkah kang manggon ing Desa Sendangharjo, Ngasem, Bojonegoro.

Asil saka panliten iki yaiku tradhisi ngalap berkah isih dilaksanakake nalika rame dina Jumat Paing. Tradhisi ngalap berkah iki tuwuh amarga wujud kapitayane masyarakat tumrap kaluwihan sing diduweni dening Mbah Trunojoyo. Tata laku tradhisi iki kanthi runtut lan migunakake ubarampe kembang setaman, menyan, lan berkat. Simbol lan makna yaiku ana ing saperangan tata laku. Fungsi sajrone tradhisi yaiku sistem proyeksi, pengesah budaya, sarana pendhidhikan lan piranti pengendhali sosial, fungsi ekonomi, fungsi sodaqoh, lan fungsi nguri-nguri kabudayan. Owah-owahan tradhisi ngalap berkah piranti ubarampe, berkatan, tata cara ndonga.

Tembung Wigati : Tradhisi, Ngalap Berkah, Foklor.

Published
2020-05-01
How to Cite
CANDRA SANTIKA, A., & SUSILO, Y. (2020). TRADHISI NGALAP BERKAH ING PASAREYAN MBAH TRUNOJOYO DESA SENDANGHARJO, KECAMATAN NGASEM, KABUPATEN BOJONEGORO (TINTINGAN FOKLOR). JOB (Jurnal Online Baradha), 12(3). https://doi.org/10.26740/job.v12n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 43
PDF Downloads: 14