TRADHISI BARITAN ING DESA SALAMWATES KECAMATAN DONGKO KABUPATEN TRENGGALEK (TINTINGAN FOLKLOR)

  • MELA KUSUMA WARDHANI
  • YOHAN SUSILO

Abstract

Abstrak

Tradhisi Baritan ing Desa Salamwates, Kec. Dongko, Kab. Trenggalek yaiku tradhisi kang ditindakake kanthi tujuwan kanggo nylameti kewan rajakaya supaya bisa babar tumangkar lan adoh saka penyakit. Babagan kasebut jalaran kewan rajakaya digunakake dening para tani kanggo nggarap sawah. Tujuwan kasebut dadi salah siji ciri khas saka tradhisi iki kang narik kawigatene panliti. Panliten iki dikarepake bisa menehi pamawas tumrap masyarakat ngenani TB sarta kanggo nglestarekake kabudayan Jawa kang awujud TB kasebut.

Underan panliten sajrone panliten iki, yaiku 1) kepriye mula bukane TB, 2) kepriye tata lakune, 3) apa wae ubarampe kang digunakake, 4) apa makna kang kinandhut sajrone TB, 5) apa piguna kang kinandhut sajrone TB, lan 6) apa wae owah-owahane. Adhedhasar underan kasebut mula tuwuh anane ancas saka panliten iki, yaiku 1) ngandharake mula bukane TB, 2) ngandharake tata lakune TB, 3) ngandharake ubarampe sajrone TB, 4) ngandharake makna kang kinandhut sajrone TB, 5) ngandharake pigunane TB, lan 6) ngandharake owah-owahan kang ana sajrone TB. Panliten ngenani kabudayan iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Dene anggone nglumpukake dhata kanthi teknik observasi, wawancara, lan dhokumentasi.

Asil saka panliten iki nuduhake wiwitane TB kang ditindakake dening para warga tani kang nduweni kewan rajakaya kanggo nylameti kewane. Tata lakune tradhisi iki diwiwiti saka anane rembugan, nyiyapake papan panggonan lan ubarampe, banjur nindakake adicara inti. Ubarampe kang digunakake nalika adicara yaiku dhadhung lan pathok, tarub, janur kuning, lengkong, ambengan, gamelan, kembang, seksi, lan tumpeng raksasa. Saben ubarampe lan tata laku kasebut nduweni makna kang dadi kapercayane masyarakat desa kasebut. Piguna sajrone tradhisi iki yaiku, minangka alat pendhidhikan, sistem proyeksi, alat hiburan lan sapanunggalane. Owah-owahan sajrone tradhisi iki manggon ing saperangan ubarampe sarta tata laku jalaran owah gingsire jaman.


Tembung Wigati: Tradhisi, Baritan, lan Folklor.






Published
2020-05-01
How to Cite
KUSUMA WARDHANI, M., & SUSILO, Y. (2020). TRADHISI BARITAN ING DESA SALAMWATES KECAMATAN DONGKO KABUPATEN TRENGGALEK (TINTINGAN FOLKLOR). JOB (Jurnal Online Baradha), 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 73
PDF Downloads: 104